Selasa, 31 Desember 2013

Serat Wulang Sunu Karya : PakuBuwono IV

  Pupuh I
a.       Wulang sunu kang kinarya gendhing, kang pinurwa tataning ngawula, suwita ing wong tuwane, poma padha mituhu, ing pitutur kang muni tulis, sapa kang tan nuruta saujareng tutur, tan urung kasurang-surang, donya ngakir tan urung manggih billahi, tembe matine nraka.
b.      Mapan sira mangke anglampahi, ing pitutur kang muni ing layang, pasti becik setemahe, bekti mring rama ibu duk purwa sira udani, karya becik lan ala, saking rama ibu, duk siro tasih jajabang, ibu iro kalangkung lara prihatin, rumeksa maring siro.  

c.       Nora eco dahar lawan ghuling, ibu niro rumekso ing siro, dahar sekul uyah bae, tan ketang wejah luntur, nyakot bathok dipunlampahi, saben ri mring bengawan, pilis singgul kalampahan, ibu niri rumekso duk siro alit, mulane den rumongso.
d.      Dhaharira mangke pahit getir, ibu niro rumekso ing sira, nora ketang turu samben, tan ketang komah uyuh gupak tinjo dipun lampahi, lamun sira wawratana, tinatur pinangku, cinowekan ibu nira, dipun dusi esok sore nganti resik, lamun luwe dinulang
e.       Duk sira ngumur sangang waresi, pasti siro yen bisa rumangkang, ibumu momong karsane, tan ketang gombal tepung, rumeksane duk sira alit, yen sira kirang pangan nora ketang nubruk, mengko sira wus diwasa, nora ana pamalesira, ngabekti tuhu sira niaya.  
f.        Lamun sira mangke anglampahi, nganiaya ing wong tuwanira, ingukum dening Hyang Manon, tembe yen lamun lampus, datan wurung pulang lan geni, yen wong durakeng rena, sanget siksanipun, mulane wewekas ingwang, aja wani dhateng ibu rama kaki, prentahe lakonano.

g.       Parandene mangke sira iki, yen den wulang dhateng ibu rama, sok balawanan ucape, sumahir bali mungkur, iya iku cegahen kaki, tan becik temahira, donya keratipun, tan wurung kasurang-kasurang, tembe mati sinatru dening Hyang widhi, siniksa ing Malekat.

h.       Yen wong anom ingkang anastiti, tan mangkana ing pamang gihira, den wulang ibu ramane, asilo anem ayun, wong tuwane kinaryo Gusti, lungo teko anembah iku budi luhung, serta bekti ing sukma, hiyo iku kang karyo pati lan urip, miwah sandhang lan pangan.
i.         Kang wus kaprah nonoman samangke, anggulang polah, malang sumirang, ngisisaken ing wisese, andadar polah dlurung, mutingkrang polah mutingkring, matengkus polah tingkrak, kantara raganipun, lampahe same lelewa, yen gununggungsarirane anjenthit, ngorekken wong kathah.
j.        Poma aja na nglakoni, ing sabarang polah ingkang salah tan wurung weleh polahe, kasuluh solahipun, tan kuwama solah kang silip, semune ingeseman ing sasaminipun, mulaneta awakingwang, poma aja na polah kang silip, samya brongta ing lampah.
k.      Lawan malih wekas ingsun kaki, kalamun sira andarbe karsa, aja sira tinggal bote, murwaten lan ragamu, lamun derajatiro alit, aja ambek kuwawa, lamun siro luhur, den prawira anggepiro, dipun sabar jatmiko alus ing budi, iku lampah utama.
l.         Pramilane nonoman puniki, dan teberi jagong lan wong tuwa, ingkang becik pituture, tan sira temahipun, apan bathin kalawan lahir, lahire tatakromo, bathine bekti mring tuhu, mula eta wekasing wong, sakathahe anak putu buyut mami, den samya brongta lampah.

  PUPUH II
a.       Lawan malih wekas mami, anak putu butut ingwang, miwah canggih wareng ingwang, poma padha estokna, ing pitutur kang arja, aja ana wong tukar padu, amungsuh lawan sudara.
b.      Dhahat ingsun tan nglilami, sujatma ahli dursila, cewengan lan sudarane, temahan tan manggeh arja lan tipis kang sarira, wong liyan kathah kan purun, mejanani mring sira
c.       Mokal sira tan miyarsa, kang kocap sujana kathah, gecul mgrumpul bandhol ngrompol, nanging aja kalirua, babasan kaya ika, den waskitheng surupipun, babasan kaya mangkana
d.      Dipun kumpul sira sami, aja gecul tekadira, dipun ngrompol ala bandhol, poma iku estokna, yen sira nedya arja, aja ma kawongan pocung, anom kumpul tuwo pisah
e.       Yen kayaa pocung ugi, salawsiro neng donya, dadi wong pidhangan bae, dudu watek wong sujana, salawasira neng donya, lamun sujalma kang surup, nom kumpul tuwa tan pisah
f.        Poma den astiti, pitutur ing layang iki, poma aja na maido, lamun sira maidoa, lan mara ayonana, dumeh tutur tanpa dhapur, tinarik tan manggih arja
g.       Yen sira karsa ngayeni, pitutur ing layang iki, anuli solahe age, mungsuhe lawan sudara, nuli pisaha wisma, samangsane sira luput, kalawan sujalma liyan
h.       Pasti sira den ayoni, den ira sujalma liyan, sadulur wis tega kabeh, sanajan silih kataha, kadhang mangsa belas, sajege sira tan atut, lawan sanak kadhangira
i.         Pan ana saloka maning, poma padha estokna, surasane, ujaring ngong, rusak sana den karesa, mangkana tuturing wang, wonten sima tukar padu, amungsuh kalawan wana
j.        Mangkana sang sima angling, heh wana sira kapurba, denira kuwasaning ngong, yen aja na kuwating wang, pasti sira binabat, denira sujalma agung, temah sira lebur sirna
k.      Kang wana nyahuri bengis, apa ta samono ugo, yen aja na kuwating ngong, amasti sira meneka, den risak jalma kathah, kiniter winaos lampuh, samana diya-diniya
l.         Sang sima lawan manadri, anulya talak tinalak, samya arengat manhe, samana sang sima kesah medal sing wana wasa, anjog wiring dhusun, anglela ing ara-ara
m.     Yata ganti kang winarni, wonten laren ngon maesa, saksana anulya anon, yen wonten sima punika, anglela ngara-ara, cangkelak anuli wangsul, apa jarwang tuwanira
n.       Kaget ingkang awawarti, anulya samya wawarta, ing prapat monca limane, pan samya nabuh gendhala, rame poman dedesan, suwanten lumyang gumuruh, pan samya sikep gegaman.
o.      Wusraket sikeping jurit, tumulyan sigra amedal wus prapteng jawi desane, wus prapto ing ingara-ara, sima sigra kinepung, kecandhak winaos sampun, yata ganti kawarnaha
p.      Kocapa ingkang wanadri, tet kala wahu tinilar, dhumateng sima lampahe, yata wonten kawarnaha, jalma samya kawawanan, arsa badhe karsanipun, ngupados babahing tegal.
q.      Wus prapta dhateng wanadri, kang wana nuli sinuksma, suwung tan ana simane, tumulya sigra binabat, dhening sujalma kathah, wus garing nulya tinunu, wana lebur sirna ilang
r.        Nuli tinanduran sami, pari kapas miwah jarak, kacang dhele lombok terong, wus ilang labething wana, genggeng ponang tanduran, lama-lama dadi dhukuh, wus ilang labething wana.
s.       Pan iku saloma mami, anak putu buyut ingwang, miwah canggah warenging ngong, puniku apan upama, tapa badan prayoga, lamun sira karem padu, amungsuh lawan sudara
t.        Benal ngammi wal ngamati, wa bena jho jhi wa jho jhit puniku nenggih tegese, kawasa tan kawasaa, wajib sira asiha, dhumateng sudara kakung, muwah sadulur wanodya
u.       Poma-poma wekas mami, anak putu buyut ingwang, aja katungkul uripe, aja lawas saya lawas, lawan den saya lawas, siyang dalu dipun imut, wong anom sedya utama.

Prosa Serat Banyurip Pupuh Pangkur


PANGKUR

Lajeng budhal putra tiga, cinarita lampahanya sampun tebih, nulya manggih negri agung, lagya amangun aprang, sri narendra kang darbe paraja meh nungkul, dhumateng ing mengsahira, kelangkung dennya prihatin.

Sang raja putra titiga, nulya sowan ingkang andarbe negri, den ajak ing arinipun, arsa wau nulunga, susahira ingkang darbe praja agung, sabab aprang meh kasoran, karsane sang raja siwi.

Tutulung dhateng sang nata, nulya sowan ngabyantara nrepati, pinuju sang nata lungguh, ing singasana rukmi, duk tumingal wonten satriya katelu, sowan aneng ngabyantara, nulya tinanya kang prapti.

Kagyat wau sri narendra, lah /13a/ paduka katiga tiyang pundi, lan punapa karsanipun, de prapta wisma kula, raja putra kang nomer tiga umatur, kawula tiyang lelana, mila sowan ngarsa aji.

Badhe tulung ing paduka, karepotanira paduka gusti, dene kalangkung aribut, sang nata kagyat ngarsa, ing ature wau risang raja sunu, punapa karsa paduka, sagah dadya sena pati.

Sang raja puta lon turnya,  datan sagah yen dadya senapati, amung nulung pedhang ulun, dhateng paduka nata, kasiyatnya anumpurken sakeh mungsuh, punika den tampenana, kangge aprang ing ajurit.

Musthi sirna mengsah nata, lah kawula angentos wonten ngriki, yen mengsah sampun alebur, pedhang mugi wangsula, sri narendra sakelangkung sukanipun, anulya  tinampan sigra, trus ngedali ing ajurit.

Tumpes pan mengsah kapedhang, bosah-basih kadya babadan pacing, kocapa pedhang pan sampun, winangsulaken sigra, mring kang darbe nulya amit sang abagus, dhateng wau sri narendra, sang nata wus angidini.

Kacarita sampun tebah, nulya mang/13b/gya nagari langkung asri, ingkang darbe pra jana gung, lagya amangun aprang, meh kasoran nulya den tulung sang prabu, lawan pedhang raja putra, cinarita unggul jurit.

Dadya sang raja pinutra,  gennya tulung angsal tigang nagari, nulya terus gennya laju, ngambah gisik samodra, nedya kondur dhateng wau prajanipun, rehning payah badanipun, nulya lereh tiga neki.

Neng sangandhapira wreksa, pinggir gisik wau genira linggih, wau putra nomer 3, kasilir samirana, saking sayah rep ambruk nulya aturu, kepati denira nendra, rakanya bingah tan sipi.

Duk lumampah sampun gagas, karya akal angrebut tirta urip, dhateng wau arinipun, samangke rayi nendra, langkung suka ing manah badhe anipu, toya gesang dipuncandhak, dhateng wau kakang neki.

Sinuntak aneng bumbungnya, toya urip sadaya tan na kari, ginanti ing toya laut, botolnya arinira, sampun lega manahira raja sunu, ingkang manahira dugal, kakalih sami badhemi.

Kang tuwa nulya angucap, dhateng ari mangkana denira ngling, luwih begja awak ingsun, kalawan sira /14a/ dhimas, dene yayi wuragil musthi diukum, dhateng rama sri narendra sabab dudu banyu urip.

Yen ngunjuk toya jeng rama, saking yayi wuragil musthi dadi, gerahnya saya kelangkung, kinira ngracun rama, tan weruha yen dakganti toya laut, becik bumbung umpetana, kang isi ing banyu urip.

Anipu saka yayimas, musthi rama yen ngunjuk toya iki, pesthi welas mring wak ingsun, ginadhang madeg nata, yen wus madeg iya awak ingsun, nagara saparo sewang, lawan sira ari mami.

Wusnya ngandika samana, ingkang raka anggugah ingkang rayi, nulya wungu arinipun, nulya terus bidhalan, tan kacatur ing marga sampun arawuh, ing negri nira ramanya, sang saja putra puniki.

Kang raka alon ngandika, mring kang rayi wuragil kinon riyin, ngaturna jajampinipun, dhumateng sri narendra, ingkang rayi umatur mring kakangipun, suwawi sareng sampeyan, marek dhateng rama aji.

Kang raka kekah ngandika, mring kang rayi wuragil kinon riyin, marek dhumateng sang prabu, ngaturna toya gesang, datan karsa diajak lan rayinipun, nulya lumampah pribadya, lawan bekta kang jaja/14b/mpi.

Kang ginanti ingkang raka, toya gesang sinalin samdri, datan priksa arinipun, yen toya dipun-gantya, cinarita sampun dumugi pura gung, nyembah rama sri narendra, ngaturken jampinireki.

Kang rama gupuh anyandhak, marang botol kang saka putra wragil, sareng glegeg dipununjuk, asin ing raosira, dipunutahaken wae toyanipun, sang nata saya gerah, kalangkung duka tan sipi.

Dhateng putra nomer tiga, saknalika tan darbe tresna siwi, sang nata nulya dhadhawuh, kinen nangkep dyan putra, dipunsiksa sabab ngracun ramanipun, kocapa wau kakangnya, kakalih sampun miyarsi.

Yen arinira dinuka, mring kang rama jalaran saka jampi, kang raka suka angguguk, yen ari badhe siksa, nulya wau putra kalihnya sang prabu, marek dhumateng kang rama, ngaturaken tirta urip.

Toya enggenira dhustha, mring kang rayi wuragil kasbat nginggil, kocapa pan sampun rawuh, sigra putra kalihnya, angaturken toya gesang ing sang prabu, kang rama gupuh anyandhak, dhateng wau jampi neki.

Bumbung wadhahira tamba, nulya glegeg kaunjuk ra/15a/ma neki, dadak sakala sang prabu, gerahnya sampun sirna, langkung kiyat tinimbang kala rumuwun, soca lamur dadya awas, untu ompong dadya ramping.

Otot kendho kenceng dadya, wulu-wulu ting jrengat ngadek sami, dadya enem ilang sepuh, rikma cemeng tan pethak, manah susah ical musna suka kalbu, sang nata suka ing driya, welas dhateng putra kalih.

Ngandika sri nara nata, mring kang putra badhe kaganjar nagri, putra kalih suka kalbu, myarsa dhawuh kang rama, cinarita ingkang nandhang kawlas ayun, putra wragil badhe nampa, siksa banget sing rama ji.

Putra wragil sampun krasa, yen ditipu dhumateng kakang neki, waktu sare gisik laut, ginanti toyanira, mring kang raka ginanti tirta laut, lan wus myarsa kakangira, badhe ginanjar nagari.

Kocapa sri nara nata, langkung duka dhumateng putra wragil, nulya dhawuh sang aprabu, nimbali kyana patya, lan pra sepuh punggawa mantri supenuh, angrembag ukumnya putra, dene ngracun mring rameki.

Sawenehing pra punggawa, matur nata prayogine den pejahi, putra paduka puniku, dene ngracun paduka, kang saweneh prayo/15b/gi putra ginantung, saweneh wales racuna, ki patih umatur aji.

Dhuh gusti sang nara nata, nuwun duka kawula tur udani, saking rumaos pukulun, awon sanget katingal, yen paduka anggantung dhateng kang sunu, utawi amejahana, awon tiningal wadya ki.

Tur rumangsa dereng kantenan, dereng temtu angracun putra aji, sae sarehken rumuwun, winates pitung dina, sri narendra myarsa patih aturipun, sakalangkung dukanira, nulya ngandika narpati.

 
Prosa Serat Banyurip Pupuh Pangkur
Setelah putra bungsu mendapatkan banyurip untuk kesembuhan sang ayah, kemudian ia dan kedua kakaknya melanjutkan perjalanannya. Setelah melangkah semakin jauh mereka bertemu dengan kerajaan besar yang sedang diserang oleh musuhnya. Sang raja mengalami keterpurukan setelah kalah dari musuhnya, sehingga keadaan kerajaannya semakin memprihatinkan.
Mereka berkunjung ke kerajaan tersebut. Mereka ingin membantu raja dari kesusahan dan mengalahkan musuhnya sebab keadaan kerajaan semakin memprihatinkan. Mereka ingin sekali menolong sang raja. Kemudian dia menemui sang raja di singgasananya. Sementara itu sang raja kaget dengan kedatangan tiga putra tersebut. Lalu raja menanyakan maksud dari kedatangan putra tersebut ke kerajaannya. Kemudian putra bungsu mengatakan bahwa dia adalah orang merantau sehingga berkunjung bertemu dengan kerajaan itu. Si bungsu mengutarakan keinginannya untuk membantu raja dari kerepotannya itu karena keadaan sudah sangat parah. Sang raja kaget dengan maksud tersebut bahwa ia sanggup menjadi senapati.
Sang raja tidak menginginkannya menjadi senapati, beliau hanya akan memberikan pedang agar dapat membantu mengalahkan musuh. Si bungsupun menyanggupinya dan ia berjanji akan mengembalikan pedang tersebut setelah perang berakhir. Sang raja sangat senang dengan kedatangannya.
Setelah musuh berhasil dikalahkan, pedang tersebut dikembalikan dan ia berpamitan kepada sang raja untuk melanjutkan perjalanan. Keadaanpun semakin membaik. Kemudian sang raja menginginkan putra tersebut menjadi putranya dan akan diberikan 3 negara. Namun si bungsu menolak dan tetap melanjutkan perjalannya untuk pulang ke kerajaannya dan menemui sang ayah. Saat melewati pinggir samudra, si merasa lelah dan memutuskan untuk beristirahat sejenak. Karene terlalu lelah kemudian ia tertidur dengan lelap. Saat si bungsu tidur, kakaknya sangat senang.
Berawal dari itu, sang kakak berpikiran untuk merebut banyu urip tersebut dari adik bungsunya. Sang kakak mempunyai niat licik untuk menipu adiknya dan banyurippun berhasil direbutnya. Banyurippun dipindahkan ke dalam bumbung sang kakak tanpa sisa. Tidak hanya dipindahkan, namun banyurip juga diganti dengan air laut. Dia merasa sangat beruntung dan bangga dengan perbuatannya tersebut, serta berharap si bungsu akan menerima hukuman sehingga dia akan mendapatkan kerajaan dari sang ayah.
Setelah banyurip berhasil disembunyikan oleh si putra sulung, kemudian ia membangunkan adik bungsunya. Lalu si bungsu bangun dan kembali melanjutkan perjalanan pulang. Setelah sampai di kerajaan dan bertemu dengan sang ayah, si sulung menyuruh si bungsu untuk segera menyerahkan air bawaannya kepada sang ayah. Si bungsu ingin sang kakak menemaninya bertemu ayah mereka. Sang kakak tetap menginginkan agar si bungsu segera menemui ayahnya dan menyerahkan banyurip, karena itu merupakan urusan pribadi si bungsu dengan sang ayah.
Tanpa memeriksa air yang dibawanya. Si bungsu pergi ke singgasana sang ayah untuk memberikan banyurip sebagai obat bagi ayahnya. Sang ayah mengambil botol yang dibawa oleh si bungsu dan airnya segera diminum. Namun air tersebut rasanya asin dan segera dimuntahkan. Karena salah meminum air kemudian sakit yang diderita sang ayah semakin parah. Sang ayahpun merasa sangat kecewa.
Si bungsu mendapat hukuman karena dianggap telah meracuni ayahnya. Kedua kakaknya menyaksikan kejadian tersebut. Saat si bungsu menderita, sang kakak sangat senang. Kemudian kedua kakaknya memberikan banyurip kepada ayahnya. Air tersebut segera diminum oleh sang ayah. Seketika itu sang ayah sembuh dari sakitnya. Badannya kembali menjadi bugar. Sang ayahpun sangat menyayangi kedua putranya itu. Si bungsu sangat kecewa karena merasa didustai oleh kedua kakaknya.
Sang berkata bahwa kedua anaknya akan diberi kerajaan. Kedua anak tersebut sangat senang mendengar ucapan sang ayah. Sedangkan si bungsu akan menerima hukuman. Si bungsu sudah merasa jika kedua kakaknya telah menipunya saat ia tertidur di pinggir samudra. Raja sangat kecewa dengan putra bungsunya. Beliau memanggil patih dan seluruh punggawa kerajaan untuk mendiskusikan putra yang dianggap telah meracunnya.
Para punggawa menyarankan aga si putra bungsu dibunuh dengan hukuman gantung maupun dengan membalas meracun karena telah meracun sang raja. Kemudian sang patih menyarankan agar sang raja menunggu sampai tujuh hari. Kejadian itu memang merupakan sebuah pukulan bagi sang raja, namun akan terlihat sangat tidak baik jika raja menggantung atau membunuh anaknya sendiri. Sang raja mendengarkan nasihat patihnya walaupun sebenarnya sangat sedih.