Selasa, 31 Desember 2013

AJI PAMASA

Wedharing wyata mirid gempilaning piwucal
Aji Pamasa

DHANDHANGGULA
1. Mangkya nenggih sastradu nayadhi, tinilingna walering darana, ywa sisip ing
pangertiné, janma kudu mituhu, pratélané sapta pracèki, lamun dipun upaya
kinemat ing kalbu, samubarang kang linakya, sarwi mapan nora badhé damel
tuni, suka tentreming rahsa.
2. Kang ginelar wyataning suyati, tlatènana kang pitung prakara, amrih dadi
lantarané, datan gampil kinelun kalulun ing wawatak nisthip, linepat king
deksura tinebih panyaru, tan damel pilalaning lyan, kosok-wangsul wèh ayem
dasih sadyèki, temah manggih raharja.
3. Apa baya kang pitung prakawis, sinirika cidra lan pitenah, yèku warah
kapisané, kaping kalih puniku, dyan sentana ywa dèn alingi, sagung
tumindak lupa winastanan luput, ping tiga ywa mawang kadang, pangadilan
jinejegna kanthi titi, tan pilih-pilih janma.
4. Catur angger ugering prarepi, tan mélik mèt artaning punggawa, dalah
mundhut putrèstriné, dé kaping gangsalipun, aywa nganti anglalarangi, olah
pangupajiwa sasamining manu, songgarunggi mring kawula, dèn ugemi
pitutur kaping sat niki, pinuntua ing driya.
5. Kang wusana pitutur saptèki, lamun ngambah margining utama, udinen mrih
lestariné, nora gampil kayungyun, kapiluyu lampah basiwit, tan remen
cacaketan klayan watak margu, sirik cengil pasulayan, anebihi gegelah
regeding bumi, nging pedak kautaman.
6. Mangkya kiyé gelaring pangerti, paugeran kang pitung prakara, istingarah
munpangaté, piguna mring kang ngluru, dadya tales tanduking karti, prenah
prandéné laras salir tindakipun, mahanani kasudibyan, temah kalis watak
umbag klawan edir, sinantun paramarta.
7. Pradikané wawaler pratami, kang sinebat cidra lan pitenah, winedhar wiyar
tebané, suka serep ing semu, seserepan wiraos prati, damel padhanging
prana nebihken bebendu, nuntun mring lempenging lana, istingarah kang
tinuju tan nalisir, nalusur woting darma.
8. Pracékané janma luhur kaki, datan arsa guna pasang kala, njijiret
sapapadhané, tan bungah lamun nemu, siku dhendha nlikung sasami, nora
ngungalken jaja yèn asanès lesu, datan asurak susuka dupi miyat
panandhanging sapadhèki, luluh welas nalangsa.
9. Tembung cidra sinawung punagi, ngandhar-andhar winuwus nglengkara,
péndah madu mamanisé, nging sapawingkingipun, nggémbol upas kang
niniwasi, nukulaken panandhang tuwin tilar latu, raos bentèr nguntar-untar,
wisayané karaos awrat ngantebi, lir kanteban antaka.
10. Ywan wus wani nglairken prajangji, poma-poma dipun tetepana, netes
sagung pangucapé, nora lèmèr ing wuwus, nguwus-uwus tan ana dadi,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 2
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
tetembungan dèn arah jumbuh kang sinaguh, tumapak ing lalampahan, datan
lumpuh karana kaot sinanggi, wèh sengsem mring tyasing lyan.
11. Lamun sumanggem tanduking gati, dipun éling niyat kang utama, pinurih
saged rampungé, tékad kang wus pinuntu, aywa wudhar tanpa pangaji,
wawataking satriya sirik colong playu, datan ngucirèng ngayuda, andhepipis
ndhelik winengku raos jrih, nilaraken palagan.
12. Panjangka kang dadya lenging ati, antepana minangka ubaya, pinétang
utang èstinè, lamun maksih linuru, kaanggepa dèrèng nglunasi, siyang-ratri
tan kendhat nggènipun dhedheku, nunuwun Hyang Murbèng Suksma,
istingarah gung pangajab temah dadi, tan cidra ing ubaya.
13. Jejering titah sawantah kaki, mokal lamun kalis ing sasanggan, kang wus
dadi pepesthèné, milaur urip iku, amituhu kanthi taliti, tegen rigen pralaga
tlatèn miwah tekun, tan bosenan nora wegah, angugemi pakaryan kanthi
permati, teguh maring bebahan.
14. Lamun sirik watak ngadi-adi, tlunyar-tlunyur miwah lèlèmèran, dhemenyar
pepénginané, tan kablithuk pandulu, gampil sengsem kang katon èdi,
nanging mugen manunggal genah kang tinuju, nering laku nora léngah,
istingarah andika manggih basuki, linepat saking papa.
15. Kénging winastanan cidra ugi, karem donya wah malih pangwasa, nanging
mamak wawatesé, tan darbya raos rigung, kanthi nranyak ngrabasa gahi,
nyahak wewenanging lyan kécalan pakéwuh, kang dèn bujung pakareman,
watanira suker tan béda wewerri, buteng ribeng krodhanya.
16. Paran nggènira nyepeng sumangi, setya tuhu bekti mring Hyang Murba, ywa
cidra gung pepecehé, prancana tan dèn ugung, temah ndadra misésa wathi,
tundhonipun nalangsa nalisir king wangsu, tilar salir manah sonta, kusungkusung
kemrungsung kécalan santi, angulari papaka.
17. Dipun tlatèn samya angulari, murih dadya manuswa bisama, ywa gampil
mupus tekadé, ywan rumpil lampahipun, upayanen kanthi sasmreti, saswih
maring Hyang Murba tumus sanggya manu, tebih saking tutur cidra, nging
maujud datan mandheg katamarti, satemah pinitaya.
18. Menggah tuduh ingkang gung utami, kanthi wijang kawrat sastracetha,
tumètès kadya kusaré, rinumpaka ing tembung, basagita adi wigati, susmaya
prabaning Hyang abyor cahya kitu, kang anecep wurukira, dhépé-dhépé gilig
ing prana maniwi, kasmala binirata.
19. Poma éling swawi dipun luri, pranahara jatining manuswa, titah sawantah
jejeré, cidra mring karsèng Ulun, iku teges nggénjah papati, apesé ngemping
lara nyanyadhang bebendu, datan uwal king cintaka, ngundhuh wusa wisaya
dadya mangangi, gesang datan piguna.
20. Sasing janmi swawi angupadi, dimèn pana tuduhing Hyang Suksma, aywa
mblasar tumindaké, tan kéragan mring napsu, temah dyusdha niyak wastuti,
nginger-inger wawaler mamada sastradu, leheng meleng mring pranamya,
angulati bebener ingkang nayadhi, tumus dugèng dalaha.
21. Mangkya cidra tumraping akrami, jalu gini datan ana béda, kénging winastan
pracoré, lampahnya pindha margu, undhuhané mrawata wèsdhi, basan
pranamèng kapi wruh rukem kayungyun, lupa upasing walika, ngindhik-indhik
pamrihé damel papati, mamanisé wisasa.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 3
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
22. Wanti-wanti peceh parahati, pisan cidra angèl anguwalna, kumudu kang
kapindhoné, katri wus kadi wuru, temah wasa nering prajangji, sengkeraning
pralaga datan ana wèstu, parnoh sagung tindakira, kang dèn uja tan liya
dityasmaraji, rongèh tansah walisah.
23. Wawaler tumrap sanggya pawèstri, ngumbar gujeng kucah liring nétra, adol
ati sapa baé, dhadasar badan lugu, dupèh èdi ngelam-elami, kasukan kang
binujung atilar pakéwuh, tan mangabisatya mring raka, lamun limpé ngaluyur
ramban taruni, angrarantam pracéka.
24. Pan wus dadi sasakiding parwi, cegah hawa tahen ring prancana, rumaketraket
sasambé, was maring kakung tuhu, abiwadha setya hastuti, dyatmika
neng nayadhi nging sirik salingkuh, tutura angarah-arah, ririh raras sinuprih
katon mrak-ati, tansah saswih ring garwa.
25. Nora béda waler ingkang sami, tumrap priya kang wus balé wisma, burusa
lair batiné, asisipat memengku, lubèr ing sih sarwi ngayomi, dadya gapiting
braya ywa mingkuh pakéwuh, pantang pepes batosira, lamun manggya kèh
sambé-kalaning margi, jroning gesang punika.
26. Dipun èmut ma nenem puniki, dhihin mantep ing pamilihira, ping kalih
madhep atiné, katri marem mring jatu, kaping paté mawang ring rabi,
pinindhakna wawadhah ringkih kaotipun, kalima mangabiwadha, garwanira
dèn papanken rowang padmi, kanem mardawèng budya.
27. Poma-poma kenceng dèn cepengi, traping laku minongka manggala, catur
wala pepindhané, sona ing setyanipun, myang turangga cukat ing karti,
dwipangga datan kéguh saguh kang ginayuh, brekiti ing sregepira, siyangratri
makarya tan wènten sepi, swawi dipun tuladha.
28. Aywa pisan cidra ing prajangji, tilar garwa kapéncut ing liya, awit awon
pinanggihé, manah gampil kayungyun, kasulistyan aniniwasi, adhakan dadya
tuman angèl mantunipun, lamun dipun turutana, amengangah ngangahangah
saya ndadi, becik dèn singkirana.
29. Kakaroné kasengsem tataki, tuhu bekti nggigilut wiyata, murih dadi lantarané,
tentrem ing brayatipun, tumus harja miwah basuki, sumrambah tedhak-turun
sapawingkingipun, sadaya samya pinerdya, dimèn pana warahing luluhur
yekti, temah kalis rubéda.
30. Sabanjuré winedhar sastradi, apan baya winastan pitenah, nyarwètèh
kedaling lambé, ngrarakit tembung lunyu, amemada sarta ngadili, ngumbar
panyatur ala kèh panacadipun, alaning liyan dèn andhar, kaya-kaya beciké
tan ana sami, klayan dhiri pribadya.
31. Tyang kang remen mbèbèrken wawadi, lir karaba muleg ing akasa, anguwusuwus
wuwusé, basda winewah bumbu, pamurihé saya wigati, sanès kinarya
lalap uraping panyatur, nukulken wijining tikbra, dyan pracara ukara datanpa
bukti, iku watak katbuta.
32. Tembung sisip sinusup kasisip, murih bisa sasap ing sasama, samakéyan
sasolahé, kudu unggul binuru, nora ngétang katala sami, lumuh lamun
prawadha kalindhih ing semu, mangungsir mrih kasumbaga, ancik-ancik
kunarpanirèng sasami, jail lampah candhala.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 4
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
33. Amemada sisiping sasami, nora béda gandaning kusana, lir bathang ingkang
wus lungsé, bacin lamun dèn ambu, anderbala mbabar wewerri, parandéné si
punggung pambeg wah kumingsun, kadi hakim kusalanya, angadili sapasapa
ingkang wèsdhi, kasereng lir katwara.
34. Dipun émut ywan namung sawiji, ingkang yasa sanggyaning prarepa, tuwin
jumeneng hakimé, tan liya mung Hyang Agung, kang kagungan gung
kasugatin, misésa palimirma miwah paring bendu, dé manuswa iku sapa,
kumawani kumlungkung ngadil-adili, tumanduk ring papadha.
35. Poma bisa mapanaken lathi, datan lèmèr ngumbar-umbar kata, kanthi
permati empané, wit kasunyatanipun, ilat iku lir wisa mandi, dhahat karya
sangsaya punapi kasumbung, lamun kalintu trepira, ing kawurya pranama
adamel tuni, katiwang ing papaka.
36. Èmperipun kendhali turanggi, dipun trapken jroning cangkemira, sanadyan
alit wujudé, ywan pinekak satuhu, temah gampil dèn kemudhèni, tumrah
badan sakojur tan liya mung manut, makaten lidhah sanyata, dyan mujudken
pérangan badan kang lengit, nging misésa mring janma.
37. Kadi latu nyalat wreksa langking, dyan sapletik bisa ngambra-ambra, temah
mbesmi alas gedhé, makantar urubipun, ngalad-alad ambilaèni, ilat iku tan
béda kadya hagni tuhu, lir jagading kadurakan, kang dumunung jro jiwaraganirèki,
dadya sangarakalya.
38. Angrèh sato teka langkung gampil, buron wana peksi raja-kaya, dalasan
saisining wé, saged kadamel lulut, tan mangkono ilatirèki, nyata kalangkung
lungit ywan kinarya tutut, pindha krodhaning denawa, nyembur wisa wisaya
aniniwasi, surata siya-siya.
39. Klawan ilat padha muji Gusti, ngidung dhikir ing sawayah-wayah, kadi
brahmana anggepé, kaya-kaya manekung, angèmperi panatagami, nging
klawan lidhah ugi nyupatani manu, mijil king tutuk sajuga, ipat-ipat punapa
déné wastuti, muspra datanpa guna.
40. Jihwa pindha landheping bedhami, lamun linga muwus ngayawara,
pasulayan undhuhané, nyebar wijining tatu, datan mokal wawalar ndadi, nora
gampil pineper kalamun katrucut, andhatengaken braminta, saraga gung
ngebeki jro tyasirèki, lengka kang rinaosna.
41. Lir kusara mrentul wanci énjing, sumberipun saking alam raya, sung seger
tanem-tuwuhé, watak asih tan sengkung, dadya daya ingkang nguripi,
makaten imbanipun lidhah ingkang wèstu, nètèsken sarkara soba, sarasati
binawa amangastuti, ngenut pangrèhing suksma.
42. Nadyan namung pérangan kang lengit, lamun mogèl mobah jroning latha,
ananawur sarawa gé, kang dados panènipun, sakelangkung anggigirisi,
waged dados kabegjan kalamun pituhu, nanging kosok-wangsulira,
amangangi kalamun nyenyebar branti, pramila kang bisama.
43. Kang wasisdha tansah angulati, mring bebener wucaling bremana, sinartan
manah kang sarjé, kasantyan kang dèn bujung, mekak hawa laksita juti,
lidhah dipun kendhali tutur tan kalantur, sumimpang sagung pitenah,
awiwéka mrih dadya harjaning janmi, yèku manuswa tama.
44. Salir wawengkaning janma singgih, tinalesken wisiking Hyang Suksma, kang
kaajab mung bahagé, rurumpakaning wuwus, was winawas kanthi premati,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 5
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
leget mring kautaman priyatna ing tembung, wèh sarsa maring sasama, sèstu
soba suka wicaga ring dasih, dharaka pramusita.
45. Pan wus langkep lingkabing pramodi, menggah warah cidra lan pitenah,
dipun ening panampiné, lebetna manjing kalbu, dimèn menep jro sarasati,
dadya daya paraya salir dhasdhi langut, langet langkananing lana, leng
lumingling ngluluri pranamya dhani, ngulari rèh sampurna.
46. Mangkya dungkap warah kaping kalih, ywa ngalingi luputing sentana, awit
ageng durakané, babasan ngingu-ingu, pringga dhusdha mutawatosi,
walagang nggènnya lumung ywan datan kapugut, ngreregedi janaloka,
wusna anjrah sulurnya angririsaki, wohira gung rudita.
47. Lumingkabing wawaler puniki, wus winedhar déning pramudika, tilingna
kanthi luménggé, resepna kang satuhu, temah dadya daya basuki, ukara
rinumpaka jroning sekar Pangkur, prihé sami pinungkurna, sagung trékah
kang cengkah klayan prarepi, swawi dipun gatosna.
P A N G K U R
48. Murih harjaning puraya, poma-poma wicaga dèn ugemi, cepengana ingkang
wastu, langkana tan wrin godha, upayanen paugeran priha tan wur, lumèng
prabaning nagara, sumrambah kawula dasih.
49. Ywan pramoda dadya wasa, wit tan lengkep manira angluluri, dadya ura
jroning dhatu, paraha sanagara, temah sisah lamun katala wus kusup, angèl
dipun dandosana, jugar wigar kang kawuri.
50. Lamun ginadhuh wisésa, aywa gampil atilar silastuti, sanadyan tumrah ing
bandhu, pakeken datan lirwa, nora ngugung dupèh sentananing ratu,
dhusdha pinaring papaka, dharaka manggih astuti.
51. Kang wasisdha angrèh praja, gegebengan pradika gegyan adi, ywa
parasama ring manu, linenggahna sapadha, siningkirna sagung dhasdhi
angriridhu, murih kalis king dhuskarta, satemah lulus basuki.
52. Pirengwa dipun landhepna, piyarsakna gung pasambating kasi, kalamun
datan pakantuk, kaadilan kang santya, sanadyanta dudu tuturasing ratu,
ywan gesangipun kastura, tikbranira dipun sanggi.
53. Tumarah para sentana, kang gumendhung morang kèhing kintaki, kang
dadya ugering dhatu, remen anunggyangtaya, amikara dupèh maksih tedhak
luhur, aywa mangu pinidana, ngetrepi jejeging adil.
54. Aywa pisan darbé sedya, angalingi klepataning sentani, lampahnya aywa dèn
ugung, niyak sagung prarepa, saya ndadi dhumateng wisésa wuru, nora
idhep mring dadalan, muksapada kang linari.
55. Masiya maksih sudara, nanging remen miyala sasing janmi, becik tinerapan
siku, dinendha sawatara, ingkang murwat klayan kalepatanipun, pamurih rèh
jinejegna, ywa nganti amémérangi.
56. Nilep lepating sentana, paribasa babathang dèn kemuli, sanadyanta nganti
brukut, wus datan kawistara, mongka sutra ingkang kinarya salimut, tetep
dugi titi mangsa, kinuswa gandaning pati.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 6
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
57. Aja dupèh kadang raja, tandang-tanduk sarwi ngéwan-éwani,
panganggepipun kalantur, kascar-yan kalenggahan, kasyang asih kibir edir
lawan umuk, apracara sagendhingnya, tyang alit tan ana wani.
58. Awasna pamawasira, wirahsané bebener duk inguni, basan badrak badan
kramu, langking tan ana rega, nora bener kalamun tan dèn paèlu, sinikara
siya-siya, kawuri amamalati.
59. Prayojana ingkang prama, nora gingsir kalindhih sagung pamrih, ngudi
cantya aji mumpung, sentana dadya bala, tan nayuti sanadyanta tindak luput,
binari asuka-suka, tundhoné angundhuh tuni.
60. Aywa wuru mring sarkara, mamanisé wisésa pinracadi, dupèh lelenggah
ngaluhur, sanak kadang dèn uja, pinaringan wengan awawatak diyu, kethaha
mring donya brana, prana winengku ing moksil.
61. Pan wus jamaking manuswa, lamun mukti padatan dadya lali, mring
pangwasa kapiluyu, ical landheping rahsa, andrawili kasukan ingkang
kabujung, mring dasih suka andaha, trékahnya anjurbalani.
62. Suka-suka parisuka, ngajak-ajak tingkahipun nyrambahi, dhateng sanakkadangipun,
jinarken ngambra-ambra, lamun lepat sengadi datan anahu,
kupiya ywa kawistara, pinurih tiningal èdi.
63. Nggagadhang éndrasangsara, mring sentana mirah nggènnya andani,
sinarujuk dyana luput, lumuh pènget myang warah, wit misésa datan wènten
tembung klintu, samudaya kaleresna, tyang andèh tan ana wani.
64. Lamun kaladuk énaka, mangka murba wewenang angrèh kasi, tedhak turun
dipun ugung, acongkak sosongaran, angandelken maksih dharahing
ngaluhur, andé sangsaraning praja, anjuk risaking nagari.
65. Poma dipun waspadakna, ywan amengku wisésa nyakrawati, aywa kalulun
ing napsu, tyas ura nir waskitha, kang satiti mulat sisiping tumanduk,
nadyanta alit kéwala, bisa akarya papaki.
66. Kalamun dadi pramuka, pinitaya mangrèh jantraning nagri, andurasa
labetipun, mélik dèn anjuk tebya, sung ancuta mring bebener datan indung,
sirik nyilibken piala, pracékaning sentanèki.
67. Bangkit nahen sagung hawa, kaadilan tan kendhat dipun udi, tumrah kawula
sadarum, tan ana béda-béda, wus samesthi kang lepat pinaring bendu,
dadya pangungsèn sanyata, tumrap kang sami andasih.
68. Becik lamun paramarta, sung apura kawula ingkang lali, niyak gegebengan
luhur, wus mratobat sanyata, nanging baya aywa kalimput ing semu, katalya
ing panggraita, lampah dora datan maksi.
69. Mangkana traping trapsila, samektakna manah kadya udadi, nalar mulur tan
kalantur, dyan loma pangapura, aywa mamang matrapi ingkang kalintu,
pinta-pinta paneraknya, kadang kawula pan sami.
70. Utana lestari begja, titis mawas gelitaning prakawis, nora nilarken papacuh,
ambuburu angkara, dupèh lagya ginadhuhan sendhang madu, mring asanès
siya-siya, lepating kadang siningid.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 7
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
71. Angunguja karsèng driya, catur wengis tumanduk ing sasami, basan tatanem
gugrumbul, kemarung bobondhotan, undhuhané prahara gung sakelangkung,
waris sentana dèn uja, tan ana nohan nuhoni.
72. Kèh tyang sudra ananantya, tinilingna pasambat kawlasarsi, nora luwèh
mring panglawung, dupèh sanès sentana, iku dudu wawantuning pangrèh
luhur, luput winastan waskitha, kekeling kang dipunnèni.
73. Urip muspra nir sarkara, kakarèné tan liya sarwi rungsit, nglangut nenga
namu-namu, ical jatining rahsa, dadya linglung nunjang palang kadé diyu,
risak sakèhing ukara, wus tan wènten silastuti.
74. Latah remen andurkara, kibir edir jubriya sagung janmi, mring bebecik tan
anaur, malah mamales ala, kosok-wangsul mring sanak-kadang sadarum,
panyaruwé tan pinanggya, jinarken amurang tatir.
75. Makaten kababarira, ywan kaandhar pepeceh kang kaping dwi, andungkap
warah katelu, yèku amawang kadang, nora béda klayan piwucal karuhun,
menggah lengkeping ukara, sinekar Asmaradani.
ASMARADANA
76. Tanasing janma utami, ingkang tumrah gesangira, mring pakeken datan
andor, ngugemi sagung wiyata, winedhar sang twijara, mahnani gancaring
laku, linepat salir rencana.
77. Aywa nganti atatawing, ngandelken kadang sentana, dupèh maksih dharah
dhéwé, nanging pasemoning nitya, tan kénging pinitaya, rongèh jlalatan ing
semu, tan pantes sinung kawiryan.
78. Dyan kadang lamun tan becik, nora untung rinaketan, bisa dadi
kajalomprong, angajak-ajak sangsara, tiwas tuwas wuntatnya, wasna
kaduwung ing kalbu, nanantya datan piguna.
79. Ruruh rentahing andani, pinaringken ring sasama, kang amiji karsèng
Katong, tuturasing kretiyasa, pantes dèn pedakana, tulakang dadya babayu,
kukuwating anggyanira.
80. Saking pasemon wus kèksi, wawantuning taluwanwa, remen narajang
papakon, polah-tingkah sarawéyan, tan jetmika ing budya, gumuyu rasan
sarwa sru, raos lingsem datan darbya.
81. Boten wurung tumut isin, winirang lampah dursila, nir kretyawan datan kalok,
kèmbèt awoning sentana, murang kèhing pranata, kawurya tilar talutuh,
temah angundhuh cintraka.
82. Alelengis sarwi rukmi, busana mawa lengkawa, pambeg ladak lumuh anor,
rumaos trahing kusuma, pantes sinudarsana, iku wateké wong kumprung,
kapengkok nora sembada.
83. Lamun ngrentahken paparing, kukucah gung kamirahan, jroning tyas adil
kang dumon, nora mawang béda-béda, dharah punapi liya, piniji ingkang
tuwajuh, bangkit angéntasken karya.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 8
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
84. Lumingling sagung kajatin, datan kalèntu garjita, patitis salir pepunton, nora
kawuh ing pangrasa, tulya kujanapapa, sung kawiryan maring bandhu,
mongka lengka twasanira.
85. Dyan sanès darbé kawanin, tangginas ngrampungi karya, lumrah pinaring
pambombong, sokur bagé linubèran, sarna donya sosoba, swawara asih
sawegung, kadang konang binucala.
86. Ywa karya tyasing lyan kanin, wit paparing tan warata, pilih-pilih ingkang
kanon, singa celak kang kadrasa, tebih nora tinenga, iku patrapé wong
pengung, ngembrah dadi taluwanwa.
87. Sumimpanga king durniti, dumarusa myang diggama, bubujeng pamurih
kalok, kakadang dinadya bala, asanès winiruda, daridya undhuhanipun,
pawingking manggih katala.
88. Kalamun datan sawawi, bisa mengku saniskara, manah rupak nora kamot,
teges sanès trah ngawirya, becik lamun rumasa, ngembat wisésa tan saguh,
milaur mundur kéwala.
89. Dipun émut aja dumi, lagya darbé pangawasa, dériti marang sakèhing wong,
nanging sanak-kadangira, dèn papanken ing ngarsa, mongka tan pengkuh
ing kéwuh, makarya nora kawaba.
90. Tilingna ning ing kawathi, patitis pamawasira, gatosna ingkang sayektos,
lamun paparing wisésa, aywa mawang sentana, kawanin suba tan sengkung,
iku dinadya pramoda.
91. Kathah-kathahipun janmi, twasa kalimput dureta, wuru dhumateng
pangwaos, mumpung maksih amisésa, morang sakèhing tata, sanak-kadang
mitra-karuh, linenggahken papan éca.
92. Boten lingsem ing durniti, jirèh ingangkat kretyawan, lenggah twijara tyang
parnoh, pandhir dinadya pangarsa, pingging sinuba dwija, ngangsu kawruh
mring tyang blilu, mung krana maksih sentana.
93. Lagya kalampah samangkin, ing jaman kala katwara, mundhak-mundhak ing
pakéwoh, néréndra nir ring sudarsa, bucal lampah tatakya, rèh praja déning
babandhu, tilar warahing pujangga.
94. Darbéning lyan dèn talappi, kasereng nunten kawirya, sareng sentana
sapunton, sarujuk jajarah samya, daruti semunira, tan béda bebegal lamun,
naracak miwah ngrabasa.
95. Èwon-èwoning wong drengki, guyub ngambah durniminta, sugal diksura dèn
soroh, sakadang cepeng wisésa, praja dadya puwara, garwakara sugih galu,
kang nandhang wong sanagara.
96. Ywan wus kukumpul nyawiji, dundum brana duratmaka, béda apa tiyang
awon, suka-suka sagendhingnya, nétra kawuh tan menga, suthik wruh
roganing manu, tinengen mung kasukannya.
97. Dudu patraping wong singgih, mirungga maring sentana, mawang kadang
lamun andon, suka dalajat pangkatnya, tanpa panitipriksa, kang winiyat
dupèh bandhu, sanadyan sisipat dura.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 9
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
98. Lamun mangsa kala dugi, jugar tataning puraya, gesang saraga wah kasor,
drasa kaleban kasmala, kawurya dadya ura, ririsak datarpa duwus, katala
katiwang marga.
99. Mring sasama gardhawari, aywa pilih-pilih jalma, sadaya titahing Manon,
datan remen karya pringga, nging pinurih énaka, kasaénan amemengku,
kawaba nandukken dardya.
100. Lamun becik mring sawiji, mongka gething dhateng liya, iku winih ingkang
awon, remen anyelir sentana, mring asanès durcara, raos mèri ingkang
thukul, tulakang panèn kasmala.
101. Nandukna bebener ugi, boten kénging kawa-kawa, tan mingkuh saking
wawaton, miling-miling dupèh mitra, lilingen kang prakara, linimbang-limbang
satuhu, kanthi lungiting pangrasa.
102. Nadyan tedhaking acedhis, nanging bener pratikelnya, pantes kalamun
linakon, kosok wangsul dyan sentana, nging kasingsal ing budya, tinurut
temah kalintu, nyimpang margining utama.
103. Mlarat donya datan pasti, asor ing bubudènira, makatena tiyang kalok, tan
wastu luhur ing nala, becik lamun saranta, tinaliti kanthi turut, patitis
pamawasira.
104. Pétanana kang priyatni, pundi titiyang pranamya, pratingkahipun tan parnoh,
paraya anteng garjita, prayoga purugana, nora krana maksih bandhu, nging
pradana pangawruhnya.
105. Miyat sudraning sasami, marma manah tinarbuka, thukul welas tan pitakon,
maksih kèmbèt apa liya, iku nora prayoga, becik legawa tutulung, lila
mardawa ing budya.
106. Wageda dadya palupi, jumbuh turasing ngawirya, nuhoni jejeging pakon,
papakeming puruhita, janma paramatatya, madhangi kang puru-puru,
ngruwat sanggyaning piroga.
107. Lakon jaman kalasrenggi, trékahé tiyang candhala, kadi réwanda saranggon,
gendhon rukon tindak dhusta, tan ana jrih duraka, ywan lepat tutup tinutup,
pinurih tan kawistara.
108. Wus sinerat jro pepesthi, tekané jaman drubiksa, nora maèlu piawon, sanak
kadang dalah yoga, wuru kayungyun arta, wengis mamalak ing pémut, suthik
nilingken wasita.
109. Mengker mangsa danawa ji, maksih tilar wawantunya, tan gampil luntur
winasoh, santun ingkang baureksa, tindakira tan béda, srakah kethaha
lestantun, ngungumbar saliting hawa.
110. Saking iring wétan semi, muncar-muncar poladannya, nging paéka kang dèn
gémbol, ngimpun-impun sanggya mitra, sarana suka purba, cinegah
lumawan sampun, ngogak-ogak pangu-wasa.
111. Kinarya kudhung agami, mangka wawaton dèn prusa, iku nyanyadhang
pakéwoh, kang nunggil winastan bala, béda dèn anggep mala, temah puraya
tan wèstu, dredah bangsa padha bangsa.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 10
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
112. Tyang pengung mangrèh nagari, tindakipun dumarusa, nora jejeg mring
wawaton, wit tan jajag rèh waskitha, mung bubujung hartaka, kaleng-gahan
miwah dhatu, tilar waspaosing prana.
113. Pasemonnya ladak edir, mangathik kadang myang mitra, lirwa wisiking
Hyang Manon, supé harjaning kawula, remen lamun pinuja, pangiring samya
anglulu, pamrih antuk kang dèn sedya.
114. Pungkasing jaman dériti, lamun bénjang ana janma, mijil saking jro
wewengkon, sudarpa asidikara, wadana ning susmaya, tan mawang kadang
satuhu, adil tuwin paramarta.
115. Tyang kang mlarat datan langking, sugih tan mangéran bandha, migati mring
sakèhing wong, suthik nenengen sudara, adil sagung prakara, tebih mélik
cegah napsu, mungkul mring Hyang Widi-wasa.
116. Wus tan kapéncut ing daging, alus sakelangkung lembat, agal donya datan
kamot, sasat Pangéran maraga, ngrucat salir angkara, jro riribed sonya tuhu,
pupuja ngéntasi karya.
117. Meleng gilig kang dèn udi, harjaning rastala samya, datan kasengsem
pambombong, kang damel rupaking jangka, nora mangathik jana, priha
tindak tan kalintu, lepat boten kawistara.
118. Dungkap pungkasing wigati, wawarah mangrèh puraya, mirid karsaning
Hyang Katong, sinambet wedharing weca, gelaring tanah Jawa, dyan mung
samrica binubut, pantang lamun dèn badala.
119. Sinuprih tan morang margi, uwal saking lenging widya, suka pémut mring
kang mirong, nyinyingkur aji pamasa, angedirken pangwasa, jinugag
lingkabing wahyu, sambet wyataning twijara.
120. Piwucal catur puniki, prakawis mèt donya brana, kalayan angudi wadon,
gegaran wenang misésa, tan luput ginayuha, mring panguwaos
gumendhung, sapa wani mancasana.
121. Asring dadya ciri wanci, ingkang lagya amisésa, pongah awawatak rimong,
nubruk buron ingkang ringkya, minongka tatadhahnya, makaten tyang alit iku,
dèn mangsa nora suwala.
122. Menggah lengkeping kintaki, kacetha pupuh lajengnya, rinumpaka sekar
Sinom, dyan kawedhar sakadarnya, manut gaduking nala, paripaos timun
wungkuk, kinarya imbet kéwala.
S I N O M
123. Wus dadi jamaking janma, jro jaman mengeng puniki, ngasil-asil donya
brana, raos lingsem wus kawuri, tebih tataning nagri, mring gebyar samya
kayungyun, tur ginadhuh wisésa, saya wantun nerak margi, kang dèn bujung
tan liya mung kasukannya.
124. Raos tuwuk tan kadarbya, sasat genthong ingkang ciri, masiya dipun grujuga,
toya sablumbang saari, panggah datanpa isi, ngowos-owos maksih suwung,
tangèh lamun marema, antuk leksa kurang kethi, puluh-puluh iku wataking
drubiksa.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 11
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
125. Becik wantuning walika, anguntal mangsanirèki, sapisan tumunten néndra,
tan mosik nganti sasasi, kadya lampah tataki, nenedha sacekapipun, nora
kaladuk hawa, ngangah-angah jroning budi, béda janma ingkang wuru mring
pangwasa.
126. Mangiwut tatandho arta, bikut gènira nalapi, wus ical éwuhing rahsa, prawira
datan kadarbi, mamak dhumateng gahi, waton antuk kang dèn bujung, dyan
ngrebat uriping lyan, tegel tan èwed papati, welasarsa wus tebih saking
pangrasa.
127. Tyang alit kadamel tumbal, dadya wadaling durniti, ringkih dipun kaniaya,
kinarya ompaking wisdhi, pangadhuh tan praduli, nganung-anung aji pumpung,
murba gunging wisésa, kang badal dipun sirnani, songar dupèh tan
ana wantun mamada.
128. Remen angalap ruruba, punapa déné upeti, mundhut lebon king punggawa,
wah malih kawula sami, pangarem-arem mili, temah gesang tansah kogung,
kecèh wang paribasa, tan nenga gegesing dasih, kang tinengen
karemenaning pribadya.
129. Urip dadi salah kaprah, akarya ngungun ing ati, élok lamun rinasakna, nora
barès malah mukti, nasar antuk astuti, kang jujur nandhang kalantur, blaka
manggih antaka, resik winada tan wasis, puluh-puluh wus dugi lengkeping
jangka.
130. Pawingking ngundhuh dahana, ingkang ngririsak nagari, karya uraning
pranata, tumus gesangirèng dasih, bebener dèn tebihi, wusna samya andon
napsu, lupa rèhing prawira, bubujung mulading kapti, praja jugar kawula
buyar wuntatnya.
131. Ywan lepat gènnya mranata, musna lestarining nagri, wengkon samya
ambalila, crah adredah rebat mukti, tilar tepaning sami, padha bangsa samya
campuh, mangsah prang mumungsuhan, tan ènget raos manunggil, lamun
kadhung kaduwung datan piguna.
132. Ical kuncaraning praja, puwara kasub jinawi, surem madyaning buwana, tan
pinétang nagara ji, rinèmèh jro papaki, masgul wit datan pinunjul, gung asor
dalajatnya, kondhang bangsa ingkang wengis, nora idhep tataning janma
utama.
133. Prihatos lamun uninga, trékahing umat puniki, téga roga-ning sasama,
béda gama dèn cengili, séjé bangsa sinengit, kadya wawantuning diyu, jro
liliwunging wana, bubujeng buron kang ringkih, pinrawasa dèn gaglag kanthi
kethaha.
134. Tebih saking asih darma, welas-arsa pan wus sepi, tan éman patining liya,
dingkik-diningkik sasami, sak-serik saya ndadi, miruda padhaning manu,
tyang mursid sampun sirna, saking lebeting nagari, kang tinengen duraka
klayan dursila.
135. Tangané padha candhala, narajang sagung papali, agahan karem mring
donya, kala jiret dèn pasangi, samya ngarah papati, panguwasa soroh napsu,
munasika kawula, hakim remen wang upeti, pra pangarsa mutusi sukèng
tyasira.
136. Angger-angger sinélakan, tinekuk-tekuk sakarsi, miturut kang asung arta,
wus supé jejeging adil, babasan grumbul eri, ngrèrèndhèt ambancang laku,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 12
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
kemarung pindhanira, mitra tegel angapusi, wus tan ana kang kénging dipun
pracaya.
137. Aja pasrah marang kanca, punapa déné pawèstri, ngalèyèh ing pangkonira,
tan jejeg kedaling lathi, langkung kathah mapali, mantu lumawan si biyung,
anak lanang tan bektya, marang bapa mamancahi, dugèng jangka jaman
babaya cintraka.
138. Kalakyan ing jaman ika, tyang sugih remen ngapusi, kang mlarat tan
pinracaya, dora cidra salir janmi, wawaler dèn campahi, nenedha tangèh
atuwuk, padharan tansah luwya, sisimpen datan gadhahi, nyebar wiji tangèh
angundhuh wohira.
139. Ngombéya maksih dahaga, tatamba panggah sakit, linipur saya
dhuhkita, dèn nepken mubal andadi, éwuhaya ing budi, sinabarna dadya
gugup, arsa aso kang sayah, langkung kesel kang pinanggih, lamun léna
sungkawa nora kuwawa.
140. Atatandho rajabrana, asalipun king durniti, takeran sami dèn suda, traju
ginanjel tan wèsti, watu timbangan cicir, kabèh pokal tangèh lugu, temahan
kénging walat, ipat-ipating Hyang Widi, tan sempulur ginawa dugèng pralaya.
141. Nahen napsu nora kampah, ngumbar hawa tanpa budi, sengsem kasmaran
wanodya, tan émut trapsilèng krami, tilar waskitèng kapti, dupi wus lenggah
ngaluhur, nguja mubaling branta, suthik mirengna papali, nir tuladha
sumimpang saking pranata.
142. Kayungyun mring kasulistyan, nyanyaput nering pangreti, ical waspaosing
driya, kineluh liring pawèstri, supè walering margi, tan maèlu pager ayu,
pakèwed tan kadarbya, winada nora malangi, lenging cipta mung juga
tinurutana.
143. Rinungrum gampil arentah, lir lembu dipun patrapi, cinongok ing cungurira,
kadi tyang bodho katali, babandan dèn adili, pindha kukila kapulut, babaya
tan uninga, léna linepas jemparing, lamun kena panèn mamala antaka.
144. Poma-poma élingana, kang dadi walering margi, ngombéya ing belikira, ywa
nglurug sanès parigi, myang liyan gampil mélik, ngandelken kuwasa-nipun,
wenang mundhut babana, kalebet minta pawèstri, garwa yoga tan pinétang
waton bisa.
145. Cacat menggahing pangarsa, lamun remen luru warih, kasengesem mring
sendhanging lyan, ngasag-asag sapinanggih, raos èwed wus sepi, rongèhing
manah kadlarung, parwi dasih ingalap, sinengguh dadya upeti, yèn
mangkana ical prabawaning praja.
146. Becik lamun tinahena, atataki sawatawis, marema ingkang kadarbya, ywa
malang tumolèh margi, tyas meleng ning nyawiji, muncar wibawaning prabu,
sinuyudan kawula, pinitaya dipun aji, temah lulus sempulur
kuncaranira.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 13
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
Werdining Tembung Kawi
1. sastradu = serat piwucal nayadhi = linangkung
darana = sronta, santosa pracèki = pracéka, tindak,
kemat = gendam, kawicaksanan,
kaluwihan akal, lampah
2. wyata = wiyata, piwucal suyati = pandhita
kalulun = kagubel, nisthip = awon, asor,
kagulung cengil
3. sampun trawaca
4. prarepi = prarepa, nglarangi = ngadhangi,
wawaler nyumpet, mepeti
5. margu = kéwan, sato pedak = caket, celak
6. sampun trawaca
7. pradika = wedhar, andhar, prati = hayu, langkung
jlèntrèh
8. pracéka = tindak, lampah, akal
9. punagi = sumpah, ujar, wisaya = paéka, paekan
prajangji pandamel awon
10.ywan = lamun, yèn
11.gati = temen, saèstu, tingkah, tata, ulah
12.sampun trawaca
13.pralaga = prasaben, prajangji
14.sampun trawaca
15.mamak = boten ningali, rigung = rikuh, rekah,
boten sumerep, pakèwed
boten nggatosaken ngrabasa = ngrisak, nrajang
gahi = wawates wata = ujar, tembung
wewerri = lelethek ribeng = boten mawi
tatanan
16.sumangi = jangji prancana = panggodha
pepeceh = papacuh, wawaler, wathi = raos, rahsa
pitedah sonta = suci
wangsu = prajangji santi = donga, puji,
kidung
papaka = siksa panguwuh
17.angulari = ngupadosi, nglari bisama = wicaksana
sasmreti = manekung saswih = tresna, asih
katamarti = kojah
18.sastracetha = serat papakem kusaré = ebun
basagita = ukara susmaya = suci, langkung
kitu = sorot, sunar kasmala = rereged, memala,
maniwi = sowan, ngadhep sasakit
19.luri = turut pranahara = ngèlmi
wusa = susah wisaya = paéka, paékan,
mangangi = nusahi pandamel awon,
nyisahaken duraka
20.sasing = sadhéngah kéragan = kayungyun,
dyusdha = cidra kalimputan
niyak = nerak, nrajang wastuti = panembah,
sastradu = serat piwucal panyembah
pranamya = manah linangkung nayadhi = linangkung
dalaha = bénjing, tembé
21.jalu = priya, jaler gini = èstri, pawèstri
pracoré = urakan mrawata = redi, ardi, arda
wèsdhi = èwed, pakèwed pranama = mangsah,
tumanduk
kapi = wanara, kethèk rukem = dhuwet
walika = sawer wisasa = kadidéné wisa
22.peceh = pepacuh, pitedah, prahati = guru, bingah
piwucal wasa = risak, meksa,
paksa
pralaga = prasaben, wèstu = lestantun,
prajangji yektos, pituhu
parnoh = crobo
dityasmaraji = saking tembung ditya-asmara-aji,
kanthi teges: asmaraning denawa gung
walisah = kuwur, boten jenjem
23.kucah = paring kanthi mirah mangabisatya = mituhu
taruni = nèm-nèman pracéka = tindak, akal
24.sasakid = wawates parwi = pawèstri, laré
èstri
tahen = tahan, kuwagang, prancana = panggodha
ngampet sasambé = weweling
abiwadha = ormat, pakéring hastuti = pamuji,
dyatmika = jinem, anteng, kèndel pangalembana
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 14
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
25.braya = brayat, bebrayan
26.mangabiwadha = ngormati, ngaosi mardawa = alus, lembat
27.wala = pager, ijèn, lomba sona = segawon
turangga = kapal, kuda dwipangga = gajah, liman
brekiti = semut
28.sampun trawaca
29.tataki = pitedah, pitutur, weweling
pinerdya = pinerdi, kaperdi, kawucal, kawurukan
30.sastradi = serat piwucal
31.karaba = kebul basda = tembung
tikbra = susah, ruwet renteng pracara = wicara, urakan
katbuta = kadidéné danawa
32.katala = katiwasan mangungsir = amrih, mbujeng
kasumbaga = misuwur, kawentar
33.kusana = panggènan awon wewerri = lelethek
kusala = polah wèsdhi = èwed
katwara = danawa
34.prarepa = wawaler kasugatin = kamulyan
35.kata = tembung, kasumbung = kawentar
pitembungan kawurya = kawingking
pranama = mangsah, tumanduk katiwang = kalunta
papaka = siksa
36.turanggi = turangga, kapal, kuda lengit = alit
37.wreksa = uwit langking = garing
sangarakalya = naraka
38.wisaya = kadidéné wisa surata = tumbal
lungit = landhep, lancip
39.wastuti = panyembah
40.jihwa = ilat, lidhah bedhami = dadamel
braminta = susah, kasusahan saraga = susah
linga = wicanten, ucap lengka = pait, langu
wawalar = prahara pineper = dipun peper
41.kusara = ebun, tètès sengkung = umuk
wèstu = yektos, tuhu, èstu sarkara = madu, legi,
gendhis
soba = saé, asri, bingah sarasati = cipta
binawa = padhang, gebyar
42.lengit = alit amangangi = nusahi
latha = cangkem, tutuk branti = kasisahan
sarawa = swara bisama = wicaksana
43.wasisdha = wicaksana bremana = pandhita
sarjé = sarju, rena kasantyan = katemenan
laksita = lampah juti = awon, piawon
awiwéka = prayitna, sumerep
44.wawengkan = pikir, pangangen bahagé = begja
leget = greget priyatna = wiwéka, ngatossarsa
= bingah atos
soba = saé, bingah wicaga = pikekah
dharaka = sabar, sarèh pramusita = wiyaring manah
45.langkep = jangkep pramodi = pramoda, ugersarasati
= budi, cipta uger
paraya = budi, manah dhasdhi = piawon, paékan
langut = tebih langet = labet
langkana = sembada lumingling = mandeng,
nyawang
pranamya = manah linangkung dhani = saé, adi
46.pringga = èwed, pakèwed dhusdha = awoning manah
lumung = elung, semi janaloka = jagad
rudita = kasisahan
47.lumingkab = gumelar pramudika = para luhur
luménggé = ndhangak prarepi = pitedah
48.puraya = kadhaton wicaga = pikekah
wastu = estu, jangkep langkana = sembada
wrin = ajrih wur = ical, wudhar
lumèng = sumorot, kumutug priha = amrih, pinurih
49.pramoda = uger-uger wasa = risak, meksa
dhatu = ratu, raja paraha = praha, wradin
katala = katiwasan kusup = lungsé, kasèp
50.bandhu = sentana, kadang dhusdha = awoning manah
papaka = siksa dharaka = sabar, sarèh,
samadi
51.wasisdha = wicaksana parasama = pilih-kasih
dhasdhi = piawon, paékan dhuskarta = boten rahajeng
52.pirengwa = pamireng santya = penggak, temen
kastura = kawelasasih tikbra = susah, renteng
53.morang = ménggok, murang kintaki = serat
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 15
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
anunggyangtaya = mitenah mikara = nyikara,
makèwedi
54.prarepa = ipat-ipat, wawaler muksapada = swarga, delahan
55.miyala = ngawoni sasing = sadhéngah
siku = paukuman mérang = isin,
nglilingsemi
56.nilep = ngumpetaken kinuswa = mambet, kaaras
kaambet
57.kascaryan = kasengsem kasyang = kecalan
pracara = wicara, urakan
58.badrak = kéré kramu = wadhag, agal
langking = garing sinikara = dipun sikara
59.prayojana = budi, sedya prama = linangkung, suci
cantya = mukti, saé nayuti = malangi, ngadhangi
binari = kalayan, sinambi
60.sarkara = maben, legi pracadi = pracaya
prana = manah moksil = mélik
61.andrawili = boten kendhat dasih = kawula
andaha = mulasara njurbalani = ambilaèni
62.anahu = sumerep, ningali kupiya = ngudi, usaha
63.éndrasangsara = paéka, paékan andani = anyaèni
andèh = éwa
64.enaka = kamuktèn kasi = welas, kawula
andé = damel, ndadosaken anjuk = nuju
65.kalulun = kagubel, kabuncang ura = bibar, risak
waskitha = patitis, wicaksana papaki = papaka, siksa
66.pramuka = pangarsa, pangajeng andurasa = nyuwuraken
ancuta = tuladha indung = pangling
67.nahen = nahan, ngampet andasih = ngawula
68.paramarta = agung ing niyak = nerak
pangapunten katalya = kacandhet
maksi = sumerep, mangertos
69.udadi = samodra, seganten mamang = mangu-mangu
70.utana = amrih siningid = kaumpetaken
71.nohan = begja, kaluwihan
72.nanantya = nguwuh, ngucap panglawung = kasisahan
kekeling = sisah, kasisahan
73.rungsit = reribed, kasisahan namu-namu = awang-awang
silastuti = tuladha, palupi
74.andurkara = ngresahi, mungel anaur = nyaur
awon tatir = rahsa, raos
75.pepeceh = pepacuh, piwucal karuhun = rumiyin
pranatan lengkep = jangkep
76.tanas = dhadhasar andor = maiben
wiyata = piwucal twijara = pandhita
77. tawing = aling-aling nitya = mripat, tingal
kawiryan = kamukten,
kaluhuran
78. wuntat = pawingking nanantya = nguwuh
79. andani = anyaéni kretiyasa = tiyang andon
tulakang = sapawingking padamelan,
priyantun
80. taluwanwa = dalajat awon
81. kretyawan = kaluwihan talutuh = rereged
82. lengis = paès lengkawa = téja
anor = asor sinudarsana = tinulad,
tinuladha
83. dumon = manggèn bangkit = saged
84. lumingling = mandeng, nyawang kajatin = katemenan
garjita = bingah, angen-angen kawuh = kaduk
tulya = saèstu, temen, yektos kujanapapa = sangsara
lengka = pait, langu twasa = manah, karep
85. kawanin = kakendelan sosoba = kasaénan, bingah
swawara = pangajeng sawegung = sadayanipun
86. kanin = tatu kadrasa = kailènan
kanon = katingal taluwanwa = dalajat awon
87. durniti = mengsah, pandamel awon dumarusa = ndarung
diggama = paéka wiruda = pamrawasa
daridya = nistha, asor katala = katiwasan
88. sawawi = sambada saniskara = samukawis
ngawirya = ngaluhur, mulya
89. dumi = dumèh dériti = sugal, diksura
kawaba = kuwagang
90. kawathi = rahsa, wados suba = kaormatan
sengkung = umuk pramoda = uger-uger
91. twasa = manah, karep dureta = durta, awon
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 16
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
92. kretyawan = kaluwihan twijara = pandhita
parnoh = crobo dwija = guru
93. sudarsa = tuladha tatakya = tapa, nglampahi
94. tallapi = mendheti kawirya = luhur, mukti
95. durniminta = margi/tenger awon soroh = ambabarang
puwara = bibar, risak garwakara = deksura, sugal
galu = pracéka
96. kawuh = kaduk roga = panandhang
97. singgih = inggil, luhur mirungga = miji
andon = ulah, tingkah dura = awon, nglengkara
98. puraya = kadhaton saraga = susah
drasa = mili, sanget kasmala = memala, sasakit
datarpa = boten mawi duwus = tepis
katala = katiwasan
99. gardhawari = silih-asih pringga = èwed, pakèwed
kawaba = kuwagang dardya = asih
100. durcara = wicanten awon tulakang = pawingking
101. kawa-kawa = mangu-mangu lungit = landhep, lancip
102. acedhis = lethek, dharidhis
103. wastu = èstu, jangkep saranta = sabar, aso
104. priyatni = wiwéka, ènget pranamya = manah linangkung
parnoh = crobo paraya = budi, manah
garjita = bingah, angen-angen pradana = sugih
105. mardawa = sabar, sarèh
106. palupi = tuladha ngawirya = ngaluhur, mulya
puruhita = guru paramatatya = putus ing kaluwihan
puru-puru = mangu-mangu piroga = panandhang
107. réwanda = kethèk saranggon = sagrombolan
dhasta = awon
108. drubiksa = buta wasita = piwucal
109. sampun trawaca
110. sampun trawaca
111. puraya = kadhaton wèstu = lestantun
112. dumarusa = ndarung hartaka = bandha, donya
dhatu = ratu prana = manah
113. sampun trawaca
114. dériti = sugal, diksura sudarpa = kalangkunglangkung
sidikara = pujamantra, puja susmaya = suci,
kalangkung
115. langking = garing
116. sonya = sepi, jinem, tidhem
117. sampun trawaca
118. sampun trawaca
119. sampun trawaca
120. sampun trawaca
121. sampun trawaca
122. kintaki = serat
123. sampun trawaca
124. sampun trawaca
125. sampun trawaca
126. durniti = lampah awon wisdhi = sedya
127. sampun trawaca

BABAD TANAH JAWA PANEMBAHAN SENOPATI

Diambil Pupuh-Pupuh yang menceritakan pertemuan antara Panêmbahan
Senopati, Penguasa Mataram dengan Kangjêng Ratu Kidul, Ratu Pantai
Selatan.

PUPUH
KINANTHI
1. Alon tindak kalihipun, Senapati lan Sang Dewi, sadangunya
apêpanggya, Senapati samar ngeksi, mring suwarna Narpaning
Dyah, wau wanci nini-nini.
Keduanya berjalan pelahan, (Panêmbahan) Senopati dan sang Dewi,
sekian lama mereka bertemu, (Panêmbahan) Senopati tiada jelas
melihat, kepada wujud Ratu Wanita, tadi terlihat bagai wanita tua.
2. Mangke Dyah warnane santun, wangsul wayah sumengkrami,
Senapati gawok ing tyas, mring warna kang mindha Ratih, tansah
aliringan tingal, Senapati lan Sang Dewi.
Sekejap nanti Dyah (Ayu) wujudnya berubah, kembali terlihat
sangat menarik hati, (Panêmbahan) Senopati terpesona dalam hati,
menyaksikan wujud bagaikan (Dewi) Ratih, senantiasa saling
mencuri pandang, antara (Panêmbahan) Senopati dan Sang Dewi.
3. Sak praptanira kêdhatun, Narpeng Dyah lan Senapati, luwar kanthen
tata lênggah, mungging kanthil kêncana di, Jêng Ratu mangênor
raga, Senapati tansah ngliring.
Sesampanya di istana, Ratu Wanita dan (Penêmbahan) Senopati,
saling melepas genggaman tangan lantas duduk, naik di atas
ranjang keemasan, Jeng Ratu menggeliat, (Panembahan) Senopati
terus melirik.
4. Mring warnanira Jêng Ratu, abrangta sak-jroning galih, engêt sabil
jroning driya, yen Narpeng Dyah dede jinis, nging sinamun ngêgar
karsa, midêr wrin langêning puri.
www.alangalangkumitir.wordpress.com 2
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
Kepada wujud Jeng Ratu, terpikat dalam hati, mendadak teringat,
jikalau Ratu Wanita bukanlah sejenis manusia, seketika
dialihkannya perhatian untuk melepaskan diri dari hasrat, dengan
berkeliling melihat-lihat keasrian istana.
5. Udyana asri dinulu, balene kêncana nguni, jaman purwa kang
rinêbat, Gathutkaca lan Wre Putih, bitutaman dirgantara, bale
binucal jêladri,
Mendapati pemandangan asri, sebuah ranjang kencana berasal dari
jaman dulu, saat terjadi perebutan, antara Gathutkaca dan Kera
Putih, berkelahi di angkasa, ranjang terlempar ke samudera.
6. Dhawah têlêng samodra gung, kang rinêksa sagung ê-Jim, asri
plataran rinêngga, sinêbaran gung rêtna di, widuri mutyara mirah,
jumantên jumrut mawarni.
Jatuh di tengah-tengah samudera raya, yang dikuasai oleh Jin,
tampak juga halaman yang tertata asri, yang ditebarani intan indah
dan megah, biduri mutiara merah delima, emas dan jamrud
berwarna-warni.
7. De jubine kang bêbatur, grêbag suwasa kinardi, sinêlan lawan
kêncana, ing têpi sêlaka putih, sinung cêplok pan rinêngga, rukma
tinaretes ngukir.
Lantainya-pun dihiasi, dengan emas yang dibuat begitu indah, dan
diselingi hiasan dari kencana, serta ditambah perak putih
dipinggirnya, dibentuk berwujud bunga-bunga mekar, indah terukir
gemerlap.
8. Tinon rênyêp ting pêlancur, rêngganing kang bale rukmi, sumorot
sundhul ngakasa, gêbyare rêrênggan adi, surêm ponang
diwangkara, kasorotan langên puri.
Terlihat sejuk berkilauan, hiasan ranjang tersebut, sinarnya
menggapai angkasa, gemerlapnya hiasan megah, membuat redup
cahaya matahari, tersaingi keindahan istana.
9. Gapurane gêng aluhur, sinung pucak intên adi, sumorot mancur
jwalanya, lir pendah soroting rawi, yen dalu kadi rahina, siyang
latriya pan sami.
Gapuranya besar dan tinggi, puncaknya berhias intan yang indah,
bersinar memancarkan cahaya, bagai sinar matahari, jika malam
seperti siang, siang maupun malam tiada beda.
10. Sigêg rêngganing kadhatun, wau ta Sang Senapati, kêlawan Sang
Narpaneng Dyah, tan kêna pisah neng wuri, anglir mimi lan
mintuna, nggennya mrih lunturireng sih.
Cukup sudah menikmati keindahan istana, nampak Sang
(Panembahan) Senapati, terus dikuntit Sang Ratu Wanita, yang
tidak mau berjauhan terus mengikut dibelakang, tak mau berpisah
bagai pasangan abadi, (Sang Ratu Wanita) berbuat demikian agar
supaya mendapatkan cinta.
www.alangalangkumitir.wordpress.com 3
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
11. Yen tinon warna Jêng Ratu, wus wantah hapsari swargi, tuhu Sang
Dyah Wilutama, kadya nurcaya ingeksi, sak polahe karya brangta,
ayune mangrêspateni.
Apabila diperhatikan wajah Sang Ratu, sudah berubah bagai
seorang hapsari (penari) surga, sudah benar-benar bagai Sang Dyah
Wilutama, seperti cahaya manakala disaksikan, dan setiap
gerakannya sangat memikat birahi, kecantikannya benar-benar
menawan hati.
12. Kadibyaning warna Sang Rum, ping sapta sadina salin, ayune tan
kawoworan, têrkadhang sêpuh nglangkungi, yen mijil
pradanggapatya, lir dyah prawan keling sari.
Kesaktian Sang Ratu dalam merubah wujud, sehari mampu berubah
wujud tujuh kali, kecantikannya tiada cacat, kadang terlihat sangatsangat
tua, manakala muncul matahari, terlihat Sang Dyah bagai
perawan suci.
13. Yen sêdhawuh jwaleng Sang Rum, lir randha kêpaten siwi, yen
praptaning lingsir wetan, warna wantah widadari, têngange lir Dyah
Ngurawan, kumuda duk nujwa kingkin.
Apabila tengah memberi perintah, menakutkan bagaikan seorang
janda yang kehilangan anaknya karena mati, ketika menjelang pagi
hari, wujud seperti bidadari, saat matahari sepenggalah bagai
(putri) Dyah (dari kerajaan) Ngurawan, seorang pemudi yang tetap
cantik walau sedang bersusah hati.
14. Lamun bêdhug kusuma yu, mirip putri ing Kêdhiri, yen lingsir lir
Banowatya, lamun asar pindha Ratih, compêting sapta sadina, yen
latri êmbah nglangkungi.
Ketika menjelang tengah hari Sang Kusuma Ayu (Sang Bunga
Cantik), mirip putri dari (kerajaan) Kedhiri, ketika matahari condong
ke barat bagai Dewi Banowati, ketika menjelang asar bagai (Dewi)
Ratih, genap tujuh kali sehari, apabila malam hari sangat-sangat tua
sekali.
15. Lawan sinung sêkti punjul, Dyah lawan samining ê-Jim, warna
wigya malih sasra, mancala putra pan bangkit, mila kedhêp ing sakjagad,
saking sêktining Sang Dewi.
Dan lagi dianugerahi kesaktiaan yang lebih, melebihi sesama Jin,
mampu merubah diri seribu wujud, berwujud laki-laki pun bisa, oleh
karenanya disegani diseluruh dunia, karena sangat saktinya Sang
Dewi.
16. Sintên ingkang mbotên têluk, gung lêlembut nusa Jawi, Pra Ratu
wus têluk samya, mring Ratu Kidul sumiwi, ajrih asih kumawula,
bulu bêkti sabên warsi.
Siapa yang tidak tunduk, seluruh mahluk halus di pulau Jawa, para
Raja-nya sudah takluk semua, kepada Ratu Kidul menganggap orang
www.alangalangkumitir.wordpress.com 4
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
tua, ditakuti dicintai dan menjadi tempat mengabdi, diberi
persembahan setiap tahun.
17. Ngardi Mrapi Ngardi Lawu, cundhuk Narpa ing Jêladri, narpa Pace
lan Nglodhaya, Kêlut ngarga miwah Wilis, Tuk Sanga Blêdug
sumewa, Ratu Kuwu sami nangkil.
Penguasa Gunung Merapi dan Gunung Lawu, tunduk kepada
Penguasa Samudera, Penguasa Pace dan Nglodhaya, Penguasa
Gunung Kelut dan Gunung Wilis, Penguasa Tuk Sanga dan Bledug,
bahkan Ratu Kuwu pun mengabdi.
18. Wringin Pitu Wringin Rubuh, Wringin Uwok, Wringin Putih, ing
Landheyan Alas Ngroban, sêdaya wus kêreh jladri, Kêbareyan Têgal
Layang, ing Pacitan miwah Dlêpih.
Penguasaa Wringin Pitu dan Wringin Rubuh, Penguasa Wringin
Uwok dan Wringin Putih, yang berada di Landheyan dan Hutan
Roban, semua telah takluk kepada Penguasa Samudera, Penguasa
Kabareyan Penguasa Tegal Layang, Penguasa di Pacitan dan
Penguasa (Kahyangan) Dlepih.
19. Wrata kang neng Jawa sagung, para Ratuning Dhêdhêmit, sami atur
bulu bêktya, amung Galuh kang tan nangkil, kêreh marang
Guwatrusan, myan Krêndhawahana Aji.
Merata yang ada di seluruh Jawa, para Raja dari dhemit (mahluk
halus), semua menghaturkan persembahan pengabdian, hanya
daerah Galuh yang tidak takluk, karena dikuasai (Kerajaan)
Guwatrusan, yang diperintah oleh Aji (Raja) Krendhawahana.
20. Wuwusên malih Dyah Kidul, lawan Risang Senapati, menuhi kang
boja-boja, minuman kêras myang manis, kang ngladosi pra
kênyendah, sangkêp busana sarwa di.
Kembali menceritakan Dyah (Ratu) Kidul, bersama Sang
(Panembahan) Senapati, tengah menikmati makan bersama,
dihidangkan juga minuman keras dan minuman yang manis, yang
melayannya adalahi para wanita cantik, lengkap dengan busana
mereka yang indah.
21. Bêdhaya sumaos ngayun, gêndhing sêmang munya ngrangin, weh
kenyut tyasnya kang mriksa, wilêting bêksa mrak ati, keh warna
solahing bêksa, warneng bêdhaya yu sami.
Para penari bedhaya maju kedepan, alunan gending Semang
berbunyi nyaring, membuat terhanyut perasaan bagi yang melihat,
gemulai tarian menawan hati, banyak macam gerak tarian, berbagai
tarian yang indah semua.
22. Senapati gawok ndulu, mring solahe Dyah kang ngrangin, runtut
lawan kang brêdangga, wilêt rarasnya ngrêspati, acêngêng dangu
tumingal, de warneng dyah ayu sami.
(Panembahan) Senopati terpesona melihatnya, melihat gerakan
Dyah yang tengah ikut menari, gerakannya menyatu seiringin
alunan gamelan, ditambah untaian merdu bunyi gamelan yang
www.alangalangkumitir.wordpress.com 5
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
menentramkan hati, hingga lama terpesona, melihat wujud para
Dyah yang cantik-cantik.
23. Tan lyan kang pinêlêng kayun, mung juga mring Narpa Dewi,
brangteng tyas saya kawentar, de sang Dyah punjul ing warni,
kênyataning waranggana, soroting êmas sinangling.
Tiada lagi yang diingini, hanya Ratu Wanita semata, hasrat hati
semakin membara, karena hanya Sang Dyah yang paling cantik,
dibandingkan dengan para penari yang lain, cahayanya bagaikan
cahaya emas yang murni.
24. Wuyunging driya sinamun, tan patya mangumbar liring, tan pêgat
sabil ing nala, wau Risang Senapati, engêt yen dene jinisnya, Dyah
Narpa tuhuning ê-Jim.
Hasrat hati coba untuk dia tutupi, tiada begitu mengumbar tatapan
mata, tiada henti terus menahan hasrat, demikianlah Sang
(Panembahan) Senopati, terus mengingatkan diri bahwa bukan dari
jenis manusia, sesungguhnya Dyah Ratu itu adalah sebangsa Jin.
25. Rinaos jroning kung, kagugu saya ngranuhi, têmah datan antuk
karya, nggenira mrih mêngku bumi, nging Narpeng Dyah wus
kadriya, mring lungite Senapati.
Teringat seketika, keinginannya yang semakin menjadi, tidak akan
terlaksana, kehendaknya untuk menguasai dunia (jika dia tetap
berada di istana ini), akan tetapi Ratu Wanita bisa membaca, apa
yang tengah dipikirkan (Panembahan) Senopati.
26. Ngunandika dalêm kalbu, Narpaning Dyah ing Jêladri, Yen ingsun
tan nggango krama, nora kudu dadi estri, enak malih dadi priya,
nora na kang mêjanani.
Berbicara dalam hati, Ratu Penguasa samudera, Jikalau aku tidak
menikah, tidak seharusnya aku seorang wanita, lebih baik aku
adalah seorang pria, sebab tidak bakalan ada yang menggangguku.
27. De wis dadi ujar ingsun, anggon sun wadad salamining, ngarsa-arsa
pêngajapan, têmah arsa ngapirani, sun bekane mêngko jajal,
piyangkuhe ngadi-adi.
Sudah menjadi niatku dulu, aku tidak akan menikah selamanya,
demi mengharapkan keinginan yang lebih, tetapi ternyata malah
sia-sia, coba aku akan merayunya, aku akan mencairkan
keangkuhannya.
28. Wong Agunge ing Mêtarum, dimene lali kang nagri, krasan aneng jro
samodra, kawêntar mesêm Sang Dewi, tumungkul tan patya
ngikswa, Senapati tyasnya gimir.
Manusia Agung dari Mataram (Panembahan Senopati), agar supaya
melupakan negaranya, dan kerasan tinggal didalam samudera.
Terlontar senyum Sang Dewi, sembari menundukkan kepala seolah
tiada peduli, namun sesungguhnya hati (Panembahan) Senopati
tergetar dibuatnya.
www.alangalangkumitir.wordpress.com 6
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
29. Duk liniring mring Sang ing Rum, tambuh surasaning galih, wusana
lon anandika, Dhuh wong ayu karsa mami, wus dangu nggon ingsun
ningal, mring langêne ing jro puri,
Mendapati lirikan manja Sang Rum (Yang Wangi/Ratu Kidul),
berdebar tiada menentu hatinya, lantas berkata pelan, Duh cantik
sesungguhnya keinginanku sekarang, sudah terlalu lama aku
menyaksikan, keindahan istana ini.
30. Pêsareyanta durung wêruh, kaya ngapa ingkang warni, nging Dyah
Tan sae warninya, yen kêdah sumangga karsi, sintên yogi
ndarbenana, lun mung darmi anênggani.
Akan tetapi tempat tidurmu aku belum melihatnya, bagaimanakah
wujudnya? (Sang) Dyah menjawab Tidak bagus wujudnya, jika ingin
melihat silakan, karena sesungguhnya ranjang
tersebut tiada yang memiliki, selama ini saya bagaikan sekedar
menjadi penjaga ranjang semata.
31. Wusira gya jêngkar runtung, Sang Sena lan Narpa Dewi, rawuh
jrambah jinêm raras, alon lênggah sang akalih, mungging babut pan
rinêngga, Senapati gawok ngeksi.
Segera mereka beranjak bersama, Sang (Panembahan) Senopati
dan sang Ratu Dewi, masuk ke tempat tidur yang nyaman, keduanya
pelahan duduk, diatas permadani yang indah, (Panembahan)
Senopati kagum melihatnya.
32. Warneng pajang Sri Kumêndhung, tuhu lir suwargan ngalih, Sang
Dyah matur marang priya, Nggih punika ingkang warni, tilêmane
randha papa, labêt tan wontên ndarbeni.
Bermacam-macan hiasan Sri Kumendhung terpajang, sungguh bagai
surga yang berpindah tempat (ke bumi), Sang Dyah berkata kepada
sang pria (Panembahan Senopati), Inilah keadaannya, tempat tidur
seorang janda yang kesepian, sunyi seolah tiada yang memiliki.
33. Kakung mesêm ngling-ira rum, Anglêngkara têmên yayi, ujare wong
randha dama, ing yêktine angluwihi, kabeh purane pra Nata, tan
padha puranta yayi.
Sang pria (Panembahan Senopati) tersenyum bisiknya manis, Kamu
terlalu merendah Yayi (dinda), kamu bilang dirimu seorang janda,
padahal sesungguhnya lebih dari itu, seluruh istana para Raja, tiada
menandingi istana yayi (dinda).
34. Pêpajangan Sri Kumêndhung, ingsun têmbe nggon-sun uning,
pêsareyan warna endah, pantês lawan kang ndarbeni, warna ayu
awiraga, bisa têmên ngrakit-ngrakit.
Bahkan hiasan Sri Kumendhung, baru kali ini aku melihatnya,
ditambah tempat tidur yang sangat indah, sesuai benar dengan
pemiliknya, sangat cantik dan sangat menarik, sungguh pandai
sekali kamu menatanya.
www.alangalangkumitir.wordpress.com 7
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
35. Baya sungkan yen sun kondur, marang nagari Matawis, kacaryan
uningeng pura, cacatira mung sawiji, purendah tan nganggo priya,
yen darbeya kakung becik.
Menjadi malas aku untuk pulang, ke negeri Mataram, terpesona
setelah menyaksikan istana, tapi kekuranganmu hanya satu, istana
seindah ini tiada seorang pria-pun yang mendampingimu, apabila
memiliki seorang pria pendamping itu lebih bagus lagi.
36. Wanodyane dhasar ayu, imbang kakunge kang pêkik, kêng runtut
bisa mong garwa, wanodyane bêkti laki, tur drêman asugih putra,
Senapati den pleroki.
Seorang wanita yang cantik, seharusnya didampingi oleh laki-laki
yang tampan, yang setia dan bisa membimbing seorang istri, sedang
sang wanita patuh kepada suami, dan suka memiliki banyak anak,
(Panembahan) Senopati dilirik tajam dengan lirikan manja.
37. Dyah merang lênggah tumungkul, sarwi mesêm turira ris, Sae botên
mawi priya, mindhak pintên tyang akrami, eca mung momong
sarira, botên wontên kang ngrêgoni.
(Sang) Dyah lantas sengaja duduk dengan menundukkan kepala,
sembari tersenyum ujarnya lembut, Lebih baik tidak ada lelaki, apa
keuntungannya menikah? Lebih enak merawat diri sendiri, tidak ada
yang membuat kerepotan.
38. Eca sare glundhang-glundhung, neng tilam mung lawan guling, lan
tan ngronkên keng ladosan, Senapati mesêm angling, Bênêr yayi
ujarira, enak lamban sira yayi.
Lebih enak tidur bergulingan, diatas ranjang dengan hanya ditemani
guling, dan tidak harus dilayani melayani siapapun, (Panembahan)
Senapati tersenyum dan berkata, Benar Yayi (dinda) apa yang kamu
katakan, memang lebih enak sendirian.
39. Mung gawoke Nimas ingsun, na wong ledhang aneng gisik, tur priya
kawêlas arsa, lagya rêna wrin ing jladri, semang ginandheng
pinêksa, kinon kampir mring jro puri.
Hanya yang membuat aku menjadi heran oh Nimas, ada seorang
yang tengah sendirian ditepi pantai, seorang lelaki yang sangat
menghiba hati, tengah berjalan menghibur diri dipinggir pantai,
malahan digandeng dengan paksa, dibawa mampir ke dalam istana.
40. Jêng Ratu kêpraneng wuwus, merang tyas wêtareng lungit, kakung
ciniwêl lambungnya, mlerok mesêm datan angling, Senapati tyasnya
trustha, wusana ngandika aris.
Jeng Ratu (Kidul) terpana malu mendengar ucapan tersebut, benarbenar
mengena dihatinya, seketika dicubitnya sang pria
(Panembahan Senopati), melirik manja sembari tersenyum dan tak
dapat berkata apa-apa, (Panembahan) Senopati terpikat hatinya,
lantas berucap lirih.
www.alangalangkumitir.wordpress.com 8
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
41. Ya sun pajar mirah ingsun, nggon sun praptaneng jêladri, labêt sun
anandhang gêrah, alama tan antuk jampi, kaya paran saratira,
usadane lara brangti.
Lebih gampangnya oh permata hatiku, kedatanganku di tengah
samudera ini, karena aku tengah menderita sakit, sudah lama tak
mendapatkan obat, bagaimana caranya, mengobati sakit cinta?
42. Midêr ing rat nggon sun ngruruh, kang dadi usadeng kingkin, tan
lyan mung andika mirah, pantês yen dhukun prêmati, bisa mbirat
lara brangta, tulus asih marang mami.
Berkeliling dunia aku telah berusaha, mencari obat penyembuh,
tiada lain hanya engkau oh permataku, yang pantas disebut sang
tabib, karena mampu mengobati sakit cintaku, dengan kasih
tulusmu kepadaku.
43. Sang Dyah maleruk tumungkul, uning lungit Senapati, nging tansah
ngewani priya, mangkana usik Sang Dewi, Wong iki mung lamis
ujar, sun batanga nora slisir.
Sang Dyah sengaja cemberut, tahu maksud (Panembahan) Senapati,
tahu watak laki-laki yang suka berbohong merayu, dalam hati Sang
Dewi berkata, Ini orang hanya bermanis-manis dimulut saja,
perkiraanku pasti tidak salah.
44. Minta tamba ujaripun, pan dudu lara sayêkti, lara arsa madêg Nata,
ewuh mungsuh guru darmi, wus pêrsasat ingkang yoga, kang
amêngku Pajang nagri.
Meminta obat katanya? Padahal bukan sakit cinta maksud dia
sesungguhnya, tapi sakit karena berkeinginan besar untuk menjadi
seorang Raja, segan karena harus berhadapan dengan orang tua
(angkat), yang sudah menganggap dirinya bagai anak sendiri, yaitu
dia penguasa negara Pajang.
45. Wusana dyah matur kakung, Kirang punapa Sang Pêkik, kang
pilênggah ing Mataram, lêlana prapteng jêladri, tan sagêd lun sung
usada, nggih dhatêng kêng gêrah galih.
Akhirnya (Sang) Dyah berkata, Apa kekurangan dari Sang Tampan,
yang duduk di Mataram, sehingga harus berkelana ditepian
samudera, tidak bisa aku memberikan obat penyembuh, kepada
yang tengah sakit hatinya.
46. Yêkti amba dede dhukun, api wuyung ingkang galih, mangsi
dhatênga palastra, tur badhe nalendra luwih, kang amêngku tanah
Jawa, keringan samining Aji.
Sungguh saya bukan dukun, api cinta dalam hati, tidak akan
menyebabkan kematian bukan? Bukankah (engkau kangmas) bakal
menjadi Raja yang besar, yang menguasai tanah Jawa, ditakuti oleh
sesama Aji (Raja).
47. Kang pilênggah ing Matarum, mangsi kirangana putri, ingkang sami
yu utama, kawula estri punapi, sumêdya lun mung pawongan, yen
kanggea ingkang cêthi.
www.alangalangkumitir.wordpress.com 9
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
Sang penguasa Mataram, masa kekurangan wanita, yang cantikcantik?
Para kawula wanita yang seperti apapun, bersedia
memasrahkan diri, jika memang (kangmas) inginkan.
48. De sêlamen lamban ulun, kêpengin kinayan nglaki, kang tuk bulu
bêkti praja, labêt blilu tyang pawestri, tan wigya mangenggar priya,
labêt karibêtan tapih.
Selama ini dalam kesendirian saya, memang ingin memiliki seorang
suami, yang bisa membantu mengabdikan diri kepada kerajaan,
bagaimanapun juga pengabdian seorang wanita sebagai Ratu, tak
akan mampu menyamai seorang pria, karena terjerat oleh kemben
busana kewanitaannya (terbatas karena kodrat kewanitaannya).
49. Lamun kanggeya wak ulun, kalilan among anyêthi, ngladosi Gusti
Mataram, wau ta Sang Senapati, sarêng myarsa sabdeng Sang Dyah,
kêmanisan dennya angling.
Namun apabila memang hamba dibutuhkan, serta hamba diijinkan
mendampingi, maka saya rela melayani Gusti (Penguasa) dari
Mataram, demikianlah Sang (Panembahan) Senapati, begitu
mendengar sabda Sang Dyah, yang sangat-sangat manis tersebut.
50. Saya tan dêraneng kayun, asteng Dyah cinandhak ririh, Sang Rêtna
sêndhu turira, Dhuh Pangeran mangke sakit, kadar ta arsa punapa,
srita-sritu nyêpêng driji.
Semakin tak bisa menahan hasrat, digenggamnya tangan (Sang)
Dyah dengan lembut, Sang Ratna (Intan) berkata sendu, Aduh sakit
Pangeran, apa sih maunya, menggenggam jari jemari hamba?
51. Asta kelor driji ulun, yen putung sintên nglintoni, nadyan Wong
Agung Mataram, mangsi sagêd karya driji, kakung mesêm lon
dêlingnya, Dhuh wong ayu sampun runtik.
Jari jemari hamba kecil dan rapuh bagai daun kelor, kalau sampai
putus siapa yang akan mengganti, walaupun Manusia Agung dari
Mataram, tidak akan mungkin bisa menciptakan jari-jemari, sang
pria (Panembahan Senopati) tersenyum pelan bisiknya, Jangan
marah cantik.
52. Nggon sun nyêpêngasteng masku, yayi aja salah tampi, mung yun
uning sotyanira, Dyah Narpa nglingira aris, Yen têmên nggen uning
sotya, king têbih andene keksi.
Aku menggenggam tanganmu, jangan salah sangka, hanya ingin
melihat cincin yang kamu kenakan, Ratu Dyah berkata lirih, Kalau
memang hanya ingin melihat cincin yang hamba kenakan, dari
kejauhan sebetulnya bisa kan?
53. Yêkti dora arsanipun, sandinya angasta driji, yêktine mangarah
prana, kêtareng gêtêr ing galih, dene durung mangga karsa, paring
jangji sih mring cêthi.
Pasti (kangmas) berbohong, hanya berpura-pura menggenggam
jari, padahal menginginkan sesuatu yang lain, terlihat jelas
www.alangalangkumitir.wordpress.com 10
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
gemetaran, sebelum terlanjur jauh, berikanlah hamba janji cinta
yang bisa meyakinkan hamba.
54. Kakung mesêm sarwi ngungrum, swara rum mangênyut galih,
Narpaning Dyah wus kagiwang, mring kakung asihnya kêngis,
esêmnya mranani priya, Senapati trênyuh galih.
Sang pria (Panembahan Senopati) tersenyum lantas bernyanyi,
suaranya merayu merdu menghanyutkan hati, Ratu Wanita terpikat,
kepada sang pria (Panembahan Senopati) cintanya meluap, senyum
manisnya memabukkan, (Panembahan) Senopati luluh hatinya.
55. Narpaning Dyah lon sinambut, pinangku ngras kang pênapi, Sang
Dyah tan lêngganeng karsa, labêt wus katujweng galih, jalma-jalma
dera ngantya, pangajapan mangke panggih,
Ratu Wanita ditarik lembut, dipangku dengan mesranya, Sang Dyah
tidak menolak, apa yang diinginkan hati (Panembahan Senopati),
hasrat alami seluruh makhluk, yang diimpikan sekarang terwujud.
56. Lan titisnya Sang Hyang Wiku, kang mêngkoni ngrat sêkalir,
Senapati nir wikara, karênan mring Narpa Dewi, tansah liniling
ngêmbanan, de lir ndulu golek gadhing.
Bagaikan keinginan Sang Hyang Wiku, yang menguasai seluruh
alam, begitulah (Panembahan) Senopati tiada yang bisa
menghalangi kehendaknya, terhanyun kecantikan Ratu Wanita,
terus ditatapnya dia yang ada dipangkuan, bagai melihat boneka
cantik yang indah.
57. Binêkta manjing jinêm rum, tinangkêban ponang samir, kakung
ndhatêngaken karsa, datansah brêmara sari, mrih kilang mêkaring
puspa, kang neng madya kuncup gadhing.
Dibopong menuju ketempat tidur, ditutuplah kelambu, sang pria
(Panembahan Senopati) melepaskan hasrat, bagaikan kumbang,
yang menikmati bunga yang tengah mekar, menikmati sari yang
berada ditengah kuncup kelopak bunga gading.
58. Jim Prayangan miwah Lêmbut, neng jrambah sami mangintip, mring
Gusti nggen awor raras, kapyarsa pating kalêsik, duk Sang Dyah
katameng sara, ngrêrintih sambate lalis.
Jin Perayangan dan Makhluk halus, diluar berebut ingin mengintip,
ingin melihat Gusti-nya yang tengah memadu hati, terdengar suara
mereka berbisik berisik, ketika Sang Dyah terkena senjata, tak
terasa merintih mengaduh lirih.
59. Kagyat katemben pulang yun, Sang Dyah duk senanira nir,
nggeladrah rempu ning tilam, ukel sosrah njrah kang sari, kongas
ganda mrik mangambar, bedhahe Pura Jeladri.
Terkejut kesakitan manakala tertimpa hasrat, Sang Dyah pecahlah
mahkotanya, menyemburat membasahi tempat tidur, berpautan erat
jatuhlah sari-sari kenikmatan, tercium bau wangi membersit,
mengiringi pecahnya mahkota penguasa istana samudera.
www.alangalangkumitir.wordpress.com 11
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
60. Dyah ngalintreg neng tilam rum, jwala nglong kerkatira nir,
Senapati wlas tumingal, Sang Dyah lin sinambut ririh, sinucen
dhateng patirtan, wusira gya lenggah kalih.
Maka terbaring lemaslah (Sang) Dyah diatas ranjang wangi, seolah
tanpa kekuatan, (Panembahan) Senopati iba melihatnya, dipeluknya
Sang Dyah, dibopong menuju tempat mandi, sehabis mandi
keduanya duduk berdampingan.
61. Dyah sareyan pangkyan kakung, tan pegad dipun-arasi, mring
kakung Sang Senapatya, nyengkah ngeses Sang Retna Di, raket sih
kalihnya sama, penuh langen ngasmara di.
(Sang) Dyah tiduran diatas pangkuan sang pria (Panembahan
Senopati), tiada henti-henti terus dicium, oleh sang pria
(Panembahan) Senopati, mengerang mendesis Sang Retna Adi (
Sang Intan yang indah), berpelukan erat keduanya, dipenuhi
kenikmatan asmara yang indah.
62. Cinendhak rengganing kidung, pasihane sang akalih, dugi ngantya
sapta dina, Senapati neng jeladri, ing mangke arsa kondura, marang
prajanya Matawis.
Singkat diceritakan, kedua insan yang tengah memadu hasrat,
hingga sampai tujuh hari, keberadaan (Panembahan) Senapati
didalam samudera, genap tujuh hari berkehendak untuk pulang,
kembali ke negara Mataram.
63. Kakung nabda winor rungrum, Dhuh mas mirah ingsun Gusti, ya sira
kariya arja, ingsun kondur mring Matawis, wus lama aneng
samodra, mesthi sun diarsi-arsi,
Sang Pria (Panembahan Senopati) bersabda dengan berat hati,
Aduh Gusti (Ayu) emas merahku, semoga kamu senantiasa bahagia,
aku pamit hendak pulang ke Mataram, sudah terlampau lama berada
di (istana) samudera, pastilah aku dinanti-nantikan.
64. Marang wadyengsun Matarum, wus dangu tugur ing nagri,
Narapaning Dyah sareng myarsa, yen kakung mit kondur nagri,
sekala manca udrasa, druwaya badra dres mijil.
Oleh rakyatku di Mataram, sudah lama menjaga negeri sendirian
(tanpa ditemani Raja-nya), Ratu Wanita begitu mendengar, bahwa
Sang Pria (Panembahan Senopati) berpamitan hendak pulang ke
negerinya, seketika meluap kesedihannya, air matanya keluar deras.
65. Dereng dugi onengipun, mring kakung kemangganing sih, alon
lengser sangking pangkyan, udrasa sret dennya angling, Kaya
mengkono rasanya, wong tresna den timbangi.
Belum puas hasrat hati, kepada Sang Pria yang dicintainya, segera
beranjak pelan dari pangkuan, berat dia berkata, Betapa indah
rasanya, apabila cinta bisa berimbang saling memberi.
66. Kaya timbang tresnaingsun, yen sun bisa nyaput pranti, myang
nguja sakarsanira, mesthi kanggo nggon sun nyethi, kakung uning
wus kadriya, mring udrasa Sang Retna Di.
www.alangalangkumitir.wordpress.com 12
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
Cinta ini akan terasa lebih sempurna, apabila aku bisa memenuhi,
dan memberikan apapun yang dikehendaki kangmas, pasti akan
berguna apabila aku bisa membantu, Sang Pria (Panembahan
Senopati) menyadari apabila (Sang Ratu Kidul) tengah berniat
dalam hati untuk membantunya, hal itu tampak dari ucapan Sang
Retna Adi (Sang Intan yang Indah.
67. Lon ngudhar paningsetipun, cindhe puspa pinrada di, Dyah sinambut
gya ingemban, binekta mider kuliling, marang kebon petamanan,
kinidung ing pamijil.
Pelan-pelan melepas kain setagen (kain pengikat kemben), berhias
bunga-bunga emas, (Sang) Dyah segera dipeluk, dibawa berkeliling,
menikmati indahnya taman, sembari terlantun kidung Mijil.
PUPUH
M I J I L
1. Dhuh mas mirah aja sumlang ati, titenana ingong, lamun supe
marang sira angger, marcapada myang dêlahan yayi, nggon-ingsun
mangabdi, ditulus sihipun.
Aduh emas merahku janganlah gundah dihati, buktikanlah, aku
tidak akan lupa kepadamu, dari hidup sampai mati yayi (dinda),
pengabdian cintaku, tulus dan murni.
2. Nadyan ingsun pas wus sugih krami, tur sami yu kaot, gênging
trêsna wus tan liya angger, ingkang dadi têlêng ingsun kang sih,
mung andika Gusti, nggen sun ngawu-awu.
Walaupun aku banyak memiliki istri, yang sangat cantik-cantik,
besarnya cintaku hanya untukmu, yang menjadi cinta utamaku,
hanya kamu Gusti (Ayu), aku benar-benar tergila-gila.
3. Malawija neng jro tilam sari, tan lêngganing pangkon, mung pun
kakang timbangana angger, ingsun yekti anandhang wiyadi, dereng
antuk jampi, tan lyan sira masku,
(Tidakkah kau lihat) besarnya hasratku diatas ranjang kepadamu,
tak lepas-lepas aku memangkumu, hanya saja aku meminta
buktikan cintamu, pastilah aku akan tetap menderita sakit, yang tak
mendapatkan penyembuhan, hanya kamu obat penyembuhku.
4. Ambirata rêntênging tyas kingkin, satêmah sun-antos, nadyan kinen
laju jrak neng kene, tan suminggah sakarsa mêstuti, nging kapriye
yayi, solahe wadyengsun.
Lenyapkanlah gundahnya hati yang menderita, sungguh aku
nantikan, walau harus aku menunggu disini, aku akan
melakukannya, akan tetapi bagaimana yayi (dinda), dengan para
rakyatku?
www.alangalangkumitir.wordpress.com 13
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
5. Narpaning Dyah tyasnya lir jinait, kapraneng pamuwos, kemanisen
kakung pangrengihe, dadya luntur sihira Sang Dewi, mring kakung
lon angling, Pangran nuwun tumrun.
Bagaikan tertusuk jarum pemintal hati Ratu Wanita, terperangah
oleh kata-kata, ucapan manis sang pria (Panembahan Senopati)
yang manis, merebaklah cinta Sang Dewi sepenuhnya, kepada Sang
pria (Panembahan Senopati0 pelahan dia berkata, Turunkan aku
Pangeran.
6. Sing ngêmbanan wus tumrun Sang Dewi, long lênggah sêkaron,
malih Sang Dyah matur mring kakunge, Pangran nuwun ngapuntên
kang cêthi, dene kumawani, dosa gungan kakung.
Sang Dewi telah turun dari pangkuan, pelan duduk berjajar, berkata
lagi Sang Dyah kepada Sang pria (Panembahan Senopati), Mohon
maafkan hamba, karena telah berani, kepada seorang pria yang
hamba berbakti kepadanya.
7. Datan langkung panuwuning cêthi, sih trêsnanya yektos, sampun
siwah putra wayah tembe, tinulusna darbe cêthi mami, kakung
ngrakêti ngling, Dyah ingras pinangku.
Tiada lain permintaan hamba, hanyalah kesungguhan cinta, jangan
sampai terputus hingga anak cucu kangmas nanti, seterusnya
menjadi kekasihku, Sang pria (Panembahan Senopati) memeluk
sembari berkata, dan memangku kembali serta menciumi mesra.
8. Ya mas mirah aja sumlang galih, sok bisaa klakon, malih Sang Dyah
matur mring kakunge, Nggih Pangeran yen wus mangguh wêsthi,
praptanireng jurit, mrih enggal lun tulung.
Baiklah emas merahku janganlah ragu, kelak pasti akan terjadi, lagi
Sang Dyah berkata, Terima kasih Pangeran apabila tengah
menghadapi bahaya, ditengah peperangan, agar supaya saya bisa
secepatnya membantu.
9. Magut Sang Dyah kakung lon winangsit, ubayaning têmon,
Sêdhakêpa myang mêgêng napase, anjêjaka kisma kaping katri,
yêkti amba prapti, ngirit wadya lêmbut.
Sang Dyah mendekatkan wajahnya kepada sang pria (Panembahan
Senopati) sembari pelan memberikan petunjuk, sebagai akhir
pertemuan mereka, Bersendekaplah kangmas sembari menahan
nafas, jejakan kaki ketanah sebanyak tiga kali, pastilah hamba akan
datang, bersama para prajurid makhluk halus.
10. Lawan amba atur araneng jurit, mrih dibya kinaot, Tigan Lungsung
Jagad nggih namine, dhinahara gung sawabe ugi, panjang yuswa
yêkti, kyating sara timbul.
Dan hamba haturkan agar senantiasa unggul dalam peperangan,
agar supaya sakti tak terkalahkan, sebutir Telur bernama Lungsung
Jagad, makanlah akan besar khasiyatnya, panjang usia, kekuatan
tersembunyi akan timbul.
www.alangalangkumitir.wordpress.com 14
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
11. Lawan Lisah Jayengkatong nami, dewa kang sih mring ngong, kalih
sampun ngaturkên kakunge, Senapati sawusnya nampeni, langkung
trustheng galih, antuk sraneng pupuh.
Dan juga Minyak bernama Jayengkatong, pemberian Dewa kepada
hamba. Kedua benda telah dipasrahkan kepada Sang pria
(Panembahan Senopati), (Panembahan) Senapati setelah menerima,
sangat gembira dihati, karena mendapat sarana ampuh untuk
keunggulan dalam perang.
12. Malih Sang Dyah mangsit marang laki, ngelmining keraton, mrih
kinedhêp mring lêlêmbut sakeh, Senapati wus kadriyeng wangsit,
wusana Sang Dewi, ngrakêt wêcêng kakung.
Kembali Sang Dyah memberikan petunjuk kepada sang pria
(Panembahan Senapati), Ilmu Keraton Pantai Selatan, agar supaya
disegani, seluruh makhluk halus, (Panembahan) Senapati telah
memahami semua petunjuk, setelah itu Sang Dewi, memeluk eraterat
Sang pria (Panembahan Senopati).
13. Dhuh Pangeran yen marengi karsi, ing panuwun ingong, sampun
age-age kondur mangke, wilangun lun yekti dereng dugi, paran
polah mami, yen paduka kondur.
Aduh Pangeran jika bersedia, memenuhi permintaan hamba,
tundalah kepulangan kangmas, menurut hamba belum saatnya,
bagaimana dengan saya nanti, apabila paduka pulang sekarang?
14. Raka ngimur mrih lipuri yayi, Adhuh mirah ingong kang sih trêsna
marang ing dasihe, myang sak jarwa wus sun trima yayi, nging sun
mêksa amit, mêgat oneng masku.
Sang Raka (Kanda) menghibur hati Sang Yayi (Dinda), Aduh emas
merahku, cinta kasihku sudah jelas kamu buktikan, bahkan
petunjukmu telah aku terima yayi (dinda), bagaimanapun juga aku
memaksakan diri untuk pamit, berpisah dengan engkau emas
merahku.
15. Aja brangta mirah wong akuning, lilanana ingong, ingsun kondur
mring Mataram prajeng, nora lama mêsthi nuli bali, mring Pureng
Jêladri, tuwi dika masku,
Jangan tersedihkan oleh karena rindu emas merahku, relakanlah
aku, pulang ke Kerajaan Mataram, tidak akan lama aku pasti
kembali, ke Istana Samudera, menemui engkau oh emasku.
16. Saking labêt datan bêtah mami, pisah lan mas ingong, sangking
wrate wong mêngkoni prajeng, Sang Dyah ngungsêp pangkyan
ngling ing laki, Pangran sampun lami, nggih nuntêna wangsul.
Sungguh sebenarnya tidak tahan aku, berpisah dengan emasku,
hanya karena berat tanggung jawab seorang Raja yang memiliki
rakyat (maka terpaksa aku harus pulang), Sang Dyah menjatuhkan
www.alangalangkumitir.wordpress.com 15
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
kepala ke pangkuan dan berkata, Jangan terlalu lama oh Pangeran,
segeralah kembali.
17. Dugi nggusthi mêgat onenging sih, gya mijil sang anom, Ratu Kidul
ndherekkên kondure, asarimbit kêkanthen lumaris, rawuh
Srimanganti, gya kakung nglingnya rum.
Dan pada akhirnya waktu perpisahan tiba, segera keluar Sang Anom
(Muda), Ratu Kidul melepas kepulangannya, beriringan sembari
bergandeng tangan, tiba di Srimenganti, segera sang pria
(Panembahan Senopati) berkata manis.
18. Wus sun trima sih-ira mas yayi, nggennya ngatêr mring ngong,
among ingsun minta sih-ira-ngger, srana tumbal usadaning kingkin,
Sang Dyah manglêgani, sih katrêsnane kakung.
Sudah cukup aku terima bakti cintamu yayi (dinda), dengan
mengantarkan kepergianku, sebelum berpisah aku minta bukti
cintamu sekali lagi, sebagai tumbal terampuh untuk mengobati
kerinduanku. Sang Dyah menuruti, permintaan Sang pria
(Panembahan Senapati).
19. Atur gantyan manglungkên sing lathi, tinampen waja lon, gêrêgetan
ginigit lathine, Sang Dyah kagyat Raka sru pinulir, purna kang karon
sih, sewangan lêstantun.
Segera pasrah menyediakan bibir indahnya, bertaut bibir dan gigi
pelan, gemas digigit bibir ranumnya, Sang Dyah terkejut namun
segera membalas ciuman, selesailah yang tengah dimabuk cinta,
lantas berpisah.
20. Senapati praptanireng njawi, puranya Sang Sinom, sirna wangsul
keksi samodrane, Senapati nggenya napak warih, lir mangambah
siti, tinindakkira laju.
(Panembahan) Senopati telah sampai diluar, istana Sang Awet Muda
(Kangjeng Ratu Kidul), sirna seketika wujud istana dan berganti
samudera, (Panembahan) Senapati saat menapaki air laut, bagaikan
berjalan ditanah rata, dia berjalan terus.
21. Senapati sak praptaning gisik, wêspadeng pandulon, kang pitêkur
neng Parangtritise, wus saestu lamun Guru yêkti, niyakaning Sunan
Adilangu.
Sesampainya (Panembahan) Senopati dipesisir pantai, waspada
seketika, manakala melihat siapa yang tengah bertafakur di pantai
Parangtritis, jelas terlihat adalah Sang Guru, tak lain adalah Sunan
Adilangu (putra Sunan Kalijaga).
22. Senapati gepah nggen mlajengi, mring Guru sang kaot, prapta laju,
mangusweng padane, pamidhangan ngasta mring Sang Yogi,
luwarnya ngabekti, lengser lenggah bukuh.
www.alangalangkumitir.wordpress.com 16
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
Cepat (Panembahan) Senapati berlari, mendekati Sang Guru yang
mulia, bersujud dikakinya, lantas mencium tangan Sang Yogi,
selesai berbakti, segera duduk bersila takjim.
23. Sunan Adi gya ngandika aris, Jêbeng sokur ingong, lamun sira
katêmu neng kene, sabab ingsun arsa anjarwani, pratingkah kang
yêkti, mrih arjaning laku.
Sunan Adilangu segera berkata pelan, Anakku sangat bersyukur
diriku, bisa bertemu denganmu disini, sebab aku memang ingin
memberikan nasehat kepadamu, tentang perbuatan yang patut,
agar selamat senantiasa dirimu.
24. Sira sinung digdaya lan sêkti, ngluwihi sagung wong, sun
prêlambang samodra pamane, kita ambah tan têlês kang warih, lir
dharatan ugi, tyasnya aja ujub,
Dirimu diberi anugerah digdaya dan sakti, melebihi manusia
umumnya, terbukti ditengah samudera, kamu berjalan diatasnya
tanpa terbasahi oleh air sedikitpun, bagaikan kamu berjalan di
daratan, walau begitu janganlah sombong.
25. Riya Kibir Sumêngah tan keni, sêgahe Hyang Manon, Nabi Wali Oliya
sêdene, yen nêraka tuk sikuning Widdhi, karseng Hyang Piningit,
bab catur piyangkuh.
Riya’ (Pamer) Kibir (Sombong) congkak itu semua tidak sepatutnya,
larangan Hyang Manon (Yang Maha Agung), juga larangan para Nabi
Wali dan Auliya’ semua, akan mendapatkan neraka sebagai kutuk
Hyang Widdhi, begitulah larangan Yang Maha Tersembunyi, tentang
keangkuhan.
26. Wong gumêdhe anglungguhi kibir, sapa padha lan ngon, larangane
Hyang Sukma Kang Murbeng, kibir riya piyangkuhing jalmi, mrih
ngalêma luwih, keringan sawêgung.
Manusia yang merasa tinggi dan sombong, siapa yang bisa
menandingi aku, benar-benar larangan Hyang Suksma (Yang Maha
Samar) Sang Penguasa Sejati, kesombongan, suka pamer serta
keangkuhan, agar supaya dipuji lebih dari yang lain, lebih terkenal
dari sesama.
27. Amêmadha marang ing Hyang Widdhi, wong pambêg mengkono,
kalokeng rat mring praja liyane, ujubira piyangkuh ngêngkoki,
gawoka kang ngeksi, lumaku gumunggung.
Seolah-olah mempersamakan dirinya dengan Hyang Widdhi,
manusia yang seperti itu, terkenal di dunia dan kerajaan lainnya,
keangkuhan dan ingin memperlihatkan dirinya terus menjadi, agar
supaya kagum yang melihat, agar supaya senantiasa dipuji-puji.
28. Sak solahe was tan darbe maning, mung lêgane batos, sakeh patrap
ja mêngkono jêbeng, Senapati tuhunên kang kapti, lan sun
plambang maning, kan tan lungguh ngelmu
www.alangalangkumitir.wordpress.com 17
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
Setiap tindakan sudah tidak memiliki pertimbangan, hanya menuruti
kepuasan diri sendiri, janganlah seperti itu anakku, ingatlah akan
tujuan hidup yang sesungguhnya oh Senapati, dan aku nasehatkan
satu hal lagi, bahwa manusia yang benar-benar memegang ilmu.
29. Aja sira pambêg kaya langit, bumi gunung argon, lan samodra
plambang patrap kabeh, pan ya kaki pambêganing langit,
saengganing jalmi, ngêndêlkên yen luhur.
Janganlah bersikap seperti langit, seperti bumi seperti gunung, dan
seperti samudera, yang dimaksud bersikap seperti langit, adalah
seorang manusia, yang mengandalkan keluhurannya.
30. Bumi kandêl jêmbare ngluwihi, dwi lir pambêging wong, wus tan
ana mung iku dayane, myang kang gunung digung gêng inggil,
sagra jro tirtaning, gurnita kang alun,
Jangan bersikap seperti bumi yang tebal dan luasnya melebihi
apapun, jikalau manusia, bersikap seolah tidak ada lagi yang
melebihi luasnya kekuasaannya, bersikap seperti gunung merasa
besar dan tinggi, bersikap seperti samudera merasa paling dalam
pengetahuannya, dan merasa paling dahsyat ombaknya.
31. Ngêndêlakên digdayane sami, bumi samodra rob, langit arga
pambêg jalma kabeh, wus tan ana polataning maning, sisip pambêg
jalmi, kurang jêmbar kawruh.
Semua mengandalkan kedigdayaannya, bumi dan samudera, langit
dan gunung adalah seumpama watak-watak jelek manusia, sudah
tiada kebaikannya lagi, sesat kelakuan manusia yang seperti itu,
kurang luaslah wawasannya.
32. Yen sira yun wigya dadi Aji, mangreh sagunging wong, aja pêgat
istiyarmu jêbeng, laku pasrah mring Kang Murbeng Bumi, neng
musik di-êning, mrih uning Sukma Gung.
Jikalau kamu menginginkan untuk menjadi Aji (Raja), menguasai
seluruh orang, jangan pernah putus usahamu anakku, senantiasa
berpasrah kepada Yang Maha Menguasai Bumi, heningkanlah segala
keliaran batinmu, agar supaya bisa mengetahui Suksma Agung
(Maha Samar Yang Agung).
33. Ginampangan sêka karseng Widdhi, di-têrang pandulon, aja sêrêng
sak pêkoleh bae, ngibadaha nglungguhana gami, nging driya di
eling, mrih manise wadu.
Pastilah akan gampang terwujud apa yang kamu kehendaki atas
kehendak (Hyang) Widdhi, buatlah terang penglihatan
kesadaranmu, jangan suka bertindak seenaknya, perbanyak ibadah
penuhilah perintah agama, dalam hati senantiasa diingat, agar
manis jalan hidupmu.
PUPUH
DHANDHANGGULA
www.alangalangkumitir.wordpress.com 18
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
1. Lawan jêbeng ya sun tanya yêkti, antuk apa sira sêka sagra,
Senapati lon ature, Inggih binêktan ulun, Tigan Lungsung Jagat ken
nêdhi, lan Jayengkaton lisah, dwi sêrana katur, Sang Wiku wrin lon
dêlingya, Katujone durung kongsi sira bukti, yen wis-a dadi apa.
Dan lagi anakku sungguh aku ingin bertanya, apa yang kamu
dapatkan dari tengah samudera? (Panembahan) Senopati menjawab
pelan, Yang saya peroleh, Telur Lungsung Jagad yang harus saya
makan, dan Minyak Jayengkatong, kedua benda dihaturkan, Sang
Wiku melihat dan berkata, Untunglah belum sempat kamu pakai,
jikalau sudah kamu pakai aku tak bisa membayangkan akan menjadi
apa kamu?
2. Têmah antuk sêngsareng ngaurip, yêkti wurung sira dadi Nata,
nggonirarsa mêngku ngrate, sida neng samodra gung, datan bisa
mulih Matawis, de wadyanta tan wikan, myang garwa putramu,
labête wus salin tingal, kita dadi jodhone Ni Kidul mêsthi, sabab nir
manungsanya.
Hanya akan mendapatkan kesengsaraan hidup, akan gagal
keinginanmu untuk menjadi Raja, gagal impianmu menguasai dunia,
kamu akan tinggal di dalam samudera, tidak akan bisa pulang ke
Mataram, seluruh rakyatmu tidak akan bisa melihatmu, begitu juga
istri dan anakmu, karena sudah berganti alam, menjadi pasangan
Ratu Kidul, hilanglah wujud manusiamu.
3. Maneh jêbeng sun tanya kang yêkti, sira rêmên marang narpaning
dyah, kaya ngapa suwarnane, Senapati lon matur, Wananipun ayu
nglangkungi, sak tuwuk dereng mriksa, kêng kadya Dyah Kidul,
Sang Wiku mesêm ngandika, Kêsamaran kita jêbeng Senapati, kêna
ngayu sulapan.
Dan lagi aku sungguh-sungguh bertanya, kamu jatuh hati kepada
Ratu Wanita, bagaimanakah wujudnya? (Panembahan) Senopati
menjawab pelan, Wujudnya sangat cantik, seumur hidup belum
pernah hamba melihat, wanita secantik Dyah Kidul, Sang Wiku
tersenyum dan berkata, Engkau jatuh cinta, terpikat wujud cantik
yang sesungguhnya hanyalah sihir belaka.
4. Sabab sira durung sidik ngeksi, nguni sun wus namun manjing Pura,
Dyah supine ya sun colong, neng jênthik driji Sang Rum, iki warna
dêlêngên kaki, kagyat Sang Senapatya, nggenira andulu, de supe
langkung gêng-ira, pan sak wêngku tebok bolonging li-ali,
tumungkul Senapatya.
Sungguh kamu belum awas, dulu aku sudah pernah memasuki
Istana (samudera), cincin (Sang) Dyah aku curi, dari jari kelingking
Sang Rum (Wangi), lihatlah ini anakku, terkejut Sang
(Panembahan) Senapati, manakala melihat, wujud cincin
sedemikian besarnya, sebesar tebok (tampah kecil tempat memilah
butiran padi dengan kulitnya setelah ditumbuk, terbuat dari jalinan
bambu : Damar Shashangka) lobang lingkarannya, (Panembahan)
Senapati tertunduk.
5. Driya maksih maiben ing galih, Sunan Adi ing tyas wus waskitha,
Senapati tyas sandeyeng, wusana ngling Sang Wiku, Payo jêbeng ya
www.alangalangkumitir.wordpress.com 19
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
padha bali, mumpung Narpeng Dyah nendra, katon warna tuhu,
mêngko jêbeng waspadakna, ri wusira Jêng Sunan lan Senapati,
linggar manjing samodra.
Masih belum percaya dalam hati, Sunan Adi menangkap ketidak
percayaan itu, bimbanglah hati (Panembahan) Senapati, lantas
berkatalah Sang Wiku, Anakku mari kita buktikan, mumpung Ratu
Wanita sedang tidur sekarang, akan terlihat wujudnya yang asli,
perhatikanlah dengan seksama nanti, setelah itu Jeng Sunan dan
(Panembahan) Senapati, berjalan ketengah samudera.
6. Sak praptaning jro Pureng Jêladri, Ratu Kidul wus kêpanggih
nendra, nglênggorong langkung agênge, lukar ngorok mandhêkur,
rema gimbal jatha mangisis, panjangnya tigang kilan, sak carak
gêng-ipun, kopek nglembereh sakiyan, Senapati kamigilan wrin ing
warni, tansah lêgêg tan nêbda.
Sesampainya didalam istana samudera, Ratu Kidul didapati tengah
tertidur, tubuhnya rebah dan sangat-sangat besar, bahkan
terdengar bunyi dengkurannya, rambut gimbal taringnya tampak
mencuat, panjangnya tiga jengkal jari, sebesar carak (ceret/tempat
air minum) besarnya taring, payudaranya menggelantung turun,
(Panembahan) Senapati ngeri melihat wujud tersebut, terpaku tak
bisa bicara sepatah katapun.
7. Sunan Adi nêbdeng Senapati, Jêbeng iku warnane sanyata, kang
bisa ayu sulape, linulu mring Hyang Agung, lamun wungu sakarêp
dadi, bisa salin ping sapta, sadina warna yu, yen wis tutug
pandulunya, payo mulih bok mênawi mêngko tangi, gawe rêngating
driya.
Sunan Adi berkata kepada (Panembahan) Senopati, Anakku itulah
wujud dia yang sesungguhnya, bisa berubah wujud sangat-sangat
cantik hanya karena kekuatan sihir belaka, mendapat anugerah dari
Hyang Agung, manakala terjaga dari tidur wujud apapun yang
diinginkannya bisa dia buat, mampu merubah wujud tujuh kali,
dalam sehari dengan wujud cantik yang berbeda-beda, apabila
kamu sudah cukup melihat, mari kita segera pulang jangan sampai
nanti dia terbangun, tidak enak dihati jadinya nanti.
8. Wusnya nulya kentar pyagung kalih, ing samarga Sunan tansah
jarwa, Ya sun tan malangi jêbeng, nggonira kita wanuh, lan Dyah
Narpa sak karsa kaki, wis bênêr karsanira, nging ta cêgah ingsun,
wênangira mung pêrsobat, sabab iku kang rumêksa Pulo Jawi,
wênang sinambat karsa.
Setelah itu segera beranjak pulang kedua priyayi (bangsawan)
agung, sepanjang jalan Sunan (Adilangu) terus menasehati, Aku
tidak bermaksud menghalangi anakku, kedekatanmu, dengan Ratu
Wanita terserahlah kepadamu, sesungguhnya sudah benar apa yang
kamu lakukan (sebagai seorang Raja), namun aku menyarankan,
sebatas pertemanan saja (antara dua orang Penguasa), sebab
dialah yang menjaga pulau Jawa, tak ada salahnya jika dimintai
bantuan.
www.alangalangkumitir.wordpress.com 20
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
9. Mayo padha mulih mring Matawis, ingsun arsa kampir wismanira,
wusnya dwi gancang tindake, Sunan ing Ngadilangu, dhinerekkên
lan Senapati, tindakira lir kilat, sakêdhap prapta wus, njujug dalêm
pêpungkuran, Sunan Adi lawan wayah Senapati, arsa ngyêktekkên
srana.
Marilah kita pulang ke Mataram, aku ingin mampir sejenak ke
istanamu, setelah itu keduanya mempercepat jalan masing-masing,
Sunan Adilangu, diiringi (Panembahan) Senapati, jalannya secepat
kilat, hanya sekejap saja sudah sampai, langsung menuju ruang
belakang, Sunan Adi dan sang cucu yaitu (Panembahan) Senapati,
hendak membuktikan khasiat benda yang diperoleh dari samudera.
10. Juga Juru Taman Senapati, jalma tuwa madad karêmannya, dadya
mêngguk raga ngronggok, yen angot tan tuk turu, sambat muji
marang Hyang Widdhi, nuwun kuwatan rosa, pinanjangna ngumur,
sabên muji pan mangkana, kantya tan wrin yen gustenira miyosi,
tumrun bale krengkangan.
Tersebutlah Juru Taman (Panembahan) Senapati, sudah uzur
usianya dan suka madat, sehingga terkena sakit batuk badannya
kurus, jika kumat batuknya dia tak bisa tidur semalaman, memohon
selalu kepada Hyang Widdhi, supaya diberikan kesehatan, agar
diberikan panjang umur, setiap berdoa pasti seperti itu
permintaannya, saat itu tak disadarinya jika Gustinya menghampiri,
berusaha turun dia dari balai dengan susah payah.
11. Senapati wusnya lêngah angling, Heh Ki Taman mau sun miyarsa,
sira muji minta kyate, iku ta apa tuhu, minta ing Hyang saras-ing
sakit, lan dawane mur-ira, Juru Kêbon matur, Nggih Gusti yêktos
amba, rintên dalu nênuwun maring Hyang Widdhi, panjanging umur
saras.
Setelah duduk berkatalah (Panembahan) Senapati, Hai Ki Taman
aku tadi melihat, engkau berdoa meminta kekuatan badan, apakah
permintaanmu itu sungguh-sungguh? Meminta sembuhnya
penyakitmu, meminta panjangnya usiamu, Juru Kebun (Taman)
menhaturkan jawaban, Benar Gusti sungguh hamba, siang malam
meminta kepada Hyang Widdhi, agar diberikan usia panjang dan
kesembuhan.
12. Yen wis mantêp panuwunmu kaki, sun paringi sêsarating gêsang,
dimen sirna lara kabeh, Ki Taman nêmbah nuwun, majêng sinung
Tigan tinampi, laju kinen nguntala, saksana nguntal wus, Ki Taman
mubêng angganya, lir gangsingan tantara jumêglug muni, wrêksa
sol sangking prênah.
Kalau memang kamu sungguh-sungguh, aku akan memberikan
sarana buat hidupmu, agar supaya sirna segala penyakitmu, Ki
Taman menghaturkan terima kasih, bergerak mendekat diberi telur
dan diterima sudah, segera disuruh memakan mentahan, segera
dimakan seketika itu juga, Ki Taman berputar-putar tubuhnya,
bagaikan gangsing dan menggeram keras, suaranya bagaikan pohon
yang tumbang dari tempatnya.
www.alangalangkumitir.wordpress.com 21
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
13. Gya jênggelek warna gêng nglangkungi, Juru Taman lir gunung
anakan, jatha gimbal kalih kagêt, wrin langkung tyasnya ngungun ,
Sang Wiku ngling mring Senapati, Iku jêbeng dadinya, yen nut
mring Ni Kidul, Sang Sena mingkuh tan nebda, mitênggêngên
gêgêtun uningeng warni, de kadya arga suta.
Seketika berubah wujudnya sangat-sangat besar, Juru Taman
bagaikan gunung anakan besarnya, taring muncul dan rambut
berubah gimbal terkejut (Panembahan Senapati), melihat kejadian
itu sangat-sangat heran hatinya, Sang Wiku berkata kepada
(Panembahan) Senapati, Seperti itulah kejadiannya, apabila kamu
menuruti perkataan Ratu Kidul, Sang (Panembahan) Sena(pati) tak
bisa berkata-kata, tertegun dan kecewa melihat akan hal itu,
melihat wujud bagai anakan gunung.
14. Sunan Adi gya ngandika malih, Kari siji jêbeng nyatakêna, kang ran
Lênga Jayengkatong, Sang Senapatya mêstu, nulya dhawuh kinon
nimbali, pawongan nguni êmban, têngran Nini Panggung, lan gamêl
nami Ki Kosa, tan adangu kalihnya wus têkap ngarsi, Sang Sena lon
ngandika.
Sunan Adi(langu) segera berbicara lagi, Tinggal satu benda lagi
anakku buktikanlah, apa yang dinamakan Minyak Jayengkatong
tersebut, Sang (Panembahan) Senapati menurut, lantas
memerintahkan untuk memanggil, seorang emban (pelayan wanita),
bernama Nini Panggung, dan seorang penabuh gamelan bernama Ki
Kosa, tak berapa lama kemudian keduanya telah menghadap, Sang
(Panembahan) Sena(pati) pelan berkata.
15. Bibi Panggung mula sun timbali, lan si Kosa ya padha sun jajal.
nggonên Lênga Jayengkatong, nggennya sung Ratu Kidul, yen wis
ngarja sêkti ngluwihi, kang liningan wot sêkar, tan lêngganeng
dhawuh, Panggung Kosa tinetesan, Jayengkatong gya sirna kalih tan
keksi, pan wus manjing nyeluman.
Bibi Panggung kamu saya panggil, berikut Ki Kosa kalian berdua
akan aku coba, untuk memakai Minyak Jayengkatong, pemberian
Ratu Kidul, apabila sudah memakai pasti akan menjadi sakti luar
biasa, yang diperintahkan hanya menurut, tidak membantah lagi,
(Nini) Panggung (dan) Ki Kosa ditetesi, (Minyak) Jayengkatong
seketika tak terlihat keduanya, beralih alam menjadi siluman.
16. Sak sirnanya ngungun Senapati, abdi tiga pan salah kêdadyan,
wusana lon ngandikane, Heh Kosa bibi Panggung, de wong roro
padha tan keksi, umatur kang sinêbdan, Inggih Gusti ulun, keng
cêthi tan kesah-kesah, sangking ngarsa wit pinaringan lisah Gusti,
de mawi tan katinggal.
Begitu keduanya sirna tak terlihat heranlah (Panembahan)
Senapati, ketiga abdinya berubah tidak lumrah, lantas pelan dia
berkata, Hai (Ki) Kosa (dan) Bibi Panggung, kalian sekarang tidak
bisa dilihat oleh mata lagi. Menjawab yang telah tak terlihat,
Benarlah demikian Gusti, namun saya tidak akan pergi jauh (dari
istana Mataram), semenjak saat diberi Minyak oleh Gusti, walaupun
kami tak akan bisa dilihat mata.
www.alangalangkumitir.wordpress.com 22
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
17. Sunan Adi lon nambungi angling, Heh Ni Panggung sira lan si Kosa,
padha narimaa karo, pan wus karseng Hyang Agung, sira dadi
wadaling Gusti, dede jatining jalma, mêngko tan kadulu, pan wis
dadi ê-Jim padha, nging ta sira aja lunga sing Matawis, êmongên
Gustinira.
Sunan Adi(langu) pelan menyahut, Hai kamu Ni Panggung dan si
Kosa, ikhlaskanlah ini semua, sudah menjadi kehendak Hyang
Agung, kalian semua dijadikan tumbal oleh Gusti kalian, kalian
sekarang bukanlah manusia, sudah tidak bisa dilihat, kalian sudah
berubah menjadi Jin, akan tetapi janganlah kalian meninggalkan
Mataram, dampingilah Gusti kalian.
18. Prayogane jêbeng Senapati, bocahira têlu ingsun prênah, Panggung
Kosa ing ênggone, anenga wringin sêpuh, Juru Taman neng Gunung
Mrapi, ngêreha lêmbut ngarga, rumêksa-a kêwuh, mungsuh kirdha
jroning praja, Juru Taman kang katêmpuh mapag jurit, mêstu kang
sinung sêbda.
Sepertinya akan lebih baik oh anakku Senapati, apabila ketiga abdi
ini aku tempatkan, (Nini) Panggung dan (Ki) Kosa, penunggu di
pohon Beringin tua, sedangkan Juru Taman aku tempatkan di
Gunung Merapi, memimpin seluruh makhluk halus yang ada di
gunung tersebut, menjaga keamanan, menghadang musuh yang
hendak merusak kerajaan, Juru Taman yang bertugas menghadapi,
semua yang diperintah mematuhinya.
19. Katrinya wus kinon manggon sami, Panggung Kosa lawan Juru
Taman, sang kalih dugi karsane, gya kondur dalêmipun, Senapati
ngungun ing galih, duk aneng pureng sagra, de meh sisip nglakur,
Sunan Adi gya ngandika, Senapati wismamu tan dipagêri, kêbo glar
neng pêgungan.
Ketiganya sudah menempati tempat yang diperintahkan, (Nini)
Panggung (Ki) Kosa dan Juru Taman, setelah selesai membuktikan,
kedua priyagung (Sunan Adilangu dan Panembahan Senapati)
masuk kedalam istana, (Panembahan) Senapati terus terheranheran
dalam hati, hasil dari istana samudera, hampir saja membuat
dia celaka salah jalan, Sunan Adi(langu) mendadak berkata,
Senapati istanamu tanpa pagar pembatas, bagaikan seekor kerbau
yang dibiarkan terumbar.
20. Tanpa kandhang ya kang kêbo sapi, heh ta jêbeng Senapati Nglaga,
iku pan sisip pasrahe, karana Allah dudu, piyangkuhmu aneng
Matawis, sebarang karsanira, kadhinginan ujub, kêbo sapi tanpa
kandhang, wahanane sapa wani marang mami, dursila satru kridha.
Tanpa kandang, oh anakku Senapati Ngalaga, hal ini adalah
kepasrahan yang keliru, bukan kepasrahan kepada Allah yang
benar, bahkan terkesdan angkuh kerajaan Mataram, semua
perbuatanmu, selalu didahului kecongkakan, bagai kerbau dan sapi
tanpa kandang, menampakkan siapa yang berani dengan aku, akan
memancing orang jahat dan musuh.
www.alangalangkumitir.wordpress.com 23
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
21. Bêcik nganggo ênêng lawan êning, lumakuwa sokur lawan rêna,
wisma-a lan pêpagere, kêbo sapi yen ucul, kêluhana dipuncêkêli,
yen mulih prapteng wisma, kandhangna sadarum, sêlarahe
pacêlana, tunggonana yen turu kêlawan wengi, pasrahna mring
Kang Murba.
Kenakanlah kesadaran yang jernih (ening) dan penuh ketenangan
(eneng), berjalanlah dengan hati penuh syukur dan tulus, istana
dengan diberi pagar (adalah wujud kepasrahan yang benar), ibarat
kamu memiliki kerbau dan sapi jika berontak hendak lepas, pegang
erat keluh (tali pengikat yang ada dihidung)-nya, apabila didalam
kandang, masukkanlah semuanya, kunci rapat pintu kandang,
jagalah baik-baik siang maupun malam, itulah bentuk kepasrahan
yang benar kepada Sang Penguasa Sejati.
22. Anganggoa andum lawan milih, dipatuta lan lakuning praja,
lungguh-ira lan ngelmune, istiyar-mu di-agung, anganggowa
sumêndhe Widdhi, sêbarang tingkahira, anganggoa sokur, karane
dipun prayitna, laku linggih solah muna lawan muni, pracihna dadi
nata.
Pilahlah dan pilihlah, apa saja yang pantas bagi sebuah kerajaan,
yang sesuai dengan kedudukan dan kecerdasan kamu, perbanyaklah
ikhtiyar, dan bersandar kepada (Hyang) Widdhi, setiap tindakanmu,
warnailah dengan rasa syukur, senantiasa ingat, baik saat berjalan
duduk berbicara, ingatlah bahwa kamu adalah Raja.
23. Mêngko jêbeng ingsun mêrtikêli, karya kitha mrih kukuh prajanta,
salamêta prapta ing têmbe, jêbeng ngambila ranu, aja akeh kêbak
kang kêndhi, Senapati wot sêkar, dhawuh cêthi mundhut, tirta ing
kêndhi pratala, kang liningan sandika nulya nyaosi, tirta mungging
lantingan.
Nanti akan aku berikan petunjuk anakku, bagaimana membangun
kota agar kokoh kerajanmu, selamat sejahtera hingga nanti,
ambilkan air anakku, jangan terlalu banyak air didalam kendhi
secukupnya saja, (Panembahan) Senapati memenuhi permintaan,
segera menyuruh agar mengambil, air didalam kendhi tanah, yang
diperintahkan segeramengambilkan dan tak lama kembali membawa
apa yang diminta, air didalam kendhi.
24. Nulya linggar wau Sunan Adi, ngasta pandêlêngan isi tirta, tindak
ngidêri dhadhahe, Senapati tut pungkur, sarwi mbêkta ingkang
têtali, ngethengi rut-ing tirta, ngandika Sang Wiku, Heh ya jêbeng
Senapatya, ge turutên sak tilase banyu iki, karyanên kuthanira.
Lantas bergeraklah Sunan Adi(langu), sembari membawa kendhi
berisi air, berjalan mengelilingi perbatasan, (Panembahan) Senapati
mengiringi dibelakang, sembari membawa tali, untuk mengukur
tanah dimana air dicueahkan, berkata Sang Wiku (Sunan Adilangu),
Hai anakku Senapati, ikutilah bekas dimana air aku curahkan,
bangunlah tembok kota disitu.
25. Jêbeng rehne tumitah ngaurip, aja kandhêg laku panarima, lan
diwêruh wêwekane, ingon-ingonmu sagung, uga padha kêlawan
www.alangalangkumitir.wordpress.com 24
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
kasih, yen kurang pangrêksanya, têmah praja eru, saking datan
wruh ing wêka, nora ngrasa yen manungsa mung sinilih, marang
Kang Murbeng Alam.
Karena dititahkan menjadi makhluk hidup oh anakku, jangan
berhenti menjalankan hati yang dipenuhi syukur, dan seyogyanya
bias memperhatikan kebutuhan, dari semua rakyatmu, perlakukan
dengan kasih, manakala kurang diperhatikan, bakal mencibpatak
rusauhnya kerajaan, disebabkan kurangnya perhatianmu, tidak
merasa bahawa semua ini hanyalah pinjaman, pinjaman dari Yang
Menguasai Alam.
26. Lawan sira diwaspadeng gaib, lamun kita marentah mring wadya,
enakêna kabeh tyase, tuhunên ujar ingsun, nuli siram rêntaha dasih,
awita konên nyithak, wongira Matarum, sak pakolehe nggon karya,
bêcingahên kuthanira den bêcik, dadya tilar sun wuntat.
Dan waspadalah selalu, manakala kamu memberikan perintah
kepada seluruh rakyat, buatlah nyaman hati mereka, turutilah
nasehatku, lsiramilah hati mereka denga kasih, sekarang mulailah
mencetak, suruhlah orang-orang Mataram, dalam bekerja, usahakan
mengerjakan sebagus mungkin, sehingga bisa bertahan lama
sampai nanti.
27. Jêbeng yen wis jumbuh traping urip, sasat sira wus madêg
narendra, mêngkoni ngrat Jawa kabeh, nêtêpi manungsa gung, lan
Hyang Sukma kinarya silih, mêngkoni ngalam padhang, kang
kuwasa tuhu, asung sak warneng gumêlar, pan manungsa kang
winênang andarbeni, lêstari tanpa kara.
Anakku manakala sudah sesuai dengan laku hidup yg
sesungguhnya, sungguh bagaikan sudah menjadi Raja, sesuai
dengan kelakuan manusia utama, menjadi wakil Hyang Suksma,
menguasai alam dunia, yang bernar-benar berkuasa, kepada seluruh
yang hidup, karena memang manusia seperti itulah yang berhak
memiliki, dan akan kuat tanpa rintangan.
28. Lan diwêruh kahananing Widdhi, jêbeng uga nggene kang sênyata,
pan ya sira sak solahe, nging kêsampar kêsandhung, dene sira nora
ngulati, nggone cêdhak asamar, tan ana kang dunung, ngalela neng
ngarsanira, Gustinira neng ngarsa katon dumêling, anging kalingan
padhang.
Ketahuila keberadaan (Hyang) Widdhi, oh anakku keberadaan-Nya
yang sejati, sesungguhnya tak berpisah dengan segala aktifitasmu,
akan tetapi tiada kamu hiraukan, bahkan tiada kamu ketahui, sangat
dekat namun samar, tiada bertempat jauh disana, benar-benar
nyata didepanmu, Tuhan sesungguhnya ada didepan matamu, tetapi
terliputi alam dunia.
29. Senapati wot sêkar nuwun sih, jarweng Sunan Adi wus kadriya,
nging mêksih sandeya tyase, de naluri kang
tinut,……………………………….., ……………………….,
……………………………….., …………………………….,
………………………………., ……………………………….
www.alangalangkumitir.wordpress.com 25
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
(Panembahan) Senapati mematuhi dan menghatrukan terima kasih,
semua nasehat Sunan Adi(langu) sudah dimasukkan dalam hati,
namun masih gelisah hatinya, masih berat dengan keberadaan Ratu
Kidul, ……………………………….., …………………………….,
……………………………, …………………………….., …………………………..,
………………………………., ………………………….
(Selesai)