a. Wulang sunu kang kinarya gendhing, kang pinurwa tataning
ngawula, suwita ing wong tuwane, poma padha mituhu, ing pitutur kang muni
tulis, sapa kang tan nuruta saujareng tutur, tan urung kasurang-surang, donya
ngakir tan urung manggih billahi, tembe matine nraka.
b. Mapan sira mangke anglampahi,
ing pitutur kang muni ing layang, pasti becik setemahe, bekti mring rama ibu
duk purwa sira udani, karya becik lan ala, saking rama ibu, duk siro tasih
jajabang, ibu iro kalangkung lara prihatin, rumeksa maring siro.
c. Nora eco dahar lawan ghuling,
ibu niro rumekso ing siro, dahar sekul uyah bae, tan ketang wejah luntur,
nyakot bathok dipunlampahi, saben ri mring bengawan, pilis singgul kalampahan,
ibu niri rumekso duk siro alit, mulane den rumongso.
d. Dhaharira mangke pahit getir,
ibu niro rumekso ing sira, nora ketang turu samben, tan ketang komah uyuh gupak
tinjo dipun lampahi, lamun sira wawratana, tinatur pinangku, cinowekan ibu
nira, dipun dusi esok sore nganti resik, lamun luwe dinulang
e. Duk sira ngumur sangang waresi,
pasti siro yen bisa rumangkang, ibumu momong karsane, tan ketang gombal tepung,
rumeksane duk sira alit, yen sira kirang pangan nora ketang nubruk, mengko sira
wus diwasa, nora ana pamalesira, ngabekti tuhu sira niaya.
f.
Lamun sira mangke
anglampahi, nganiaya ing wong tuwanira, ingukum dening Hyang Manon, tembe yen
lamun lampus, datan wurung pulang lan geni, yen wong durakeng rena, sanget
siksanipun, mulane wewekas ingwang, aja wani dhateng ibu rama kaki, prentahe
lakonano.
g. Parandene mangke sira iki, yen
den wulang dhateng ibu rama, sok balawanan ucape, sumahir bali mungkur, iya iku
cegahen kaki, tan becik temahira, donya keratipun, tan wurung
kasurang-kasurang, tembe mati sinatru dening Hyang widhi, siniksa ing Malekat.
h. Yen wong anom ingkang anastiti,
tan mangkana ing pamang gihira, den wulang ibu ramane, asilo anem ayun, wong
tuwane kinaryo Gusti, lungo teko anembah iku budi luhung, serta bekti ing
sukma, hiyo iku kang karyo pati lan urip, miwah sandhang lan pangan.
i. Kang wus kaprah nonoman
samangke, anggulang polah, malang sumirang, ngisisaken ing wisese, andadar
polah dlurung, mutingkrang polah mutingkring, matengkus polah tingkrak, kantara
raganipun, lampahe same lelewa, yen gununggungsarirane anjenthit, ngorekken
wong kathah.
j. Poma aja na nglakoni, ing
sabarang polah ingkang salah tan wurung weleh polahe, kasuluh solahipun, tan
kuwama solah kang silip, semune ingeseman ing sasaminipun, mulaneta
awakingwang, poma aja na polah kang silip, samya brongta ing lampah.
k. Lawan malih wekas ingsun kaki,
kalamun sira andarbe karsa, aja sira tinggal bote, murwaten lan ragamu, lamun
derajatiro alit, aja ambek kuwawa, lamun siro luhur, den prawira anggepiro,
dipun sabar jatmiko alus ing budi, iku lampah utama.
l. Pramilane nonoman puniki, dan
teberi jagong lan wong tuwa, ingkang becik pituture, tan sira temahipun, apan
bathin kalawan lahir, lahire tatakromo, bathine bekti mring tuhu, mula eta
wekasing wong, sakathahe anak putu buyut mami, den samya brongta lampah.
PUPUH
II
a.
Lawan malih wekas mami, anak putu butut ingwang, miwah canggih wareng ingwang,
poma padha estokna, ing pitutur kang arja, aja ana wong tukar padu, amungsuh
lawan sudara.
b.
Dhahat ingsun tan nglilami, sujatma ahli dursila, cewengan lan sudarane,
temahan tan manggeh arja lan tipis kang sarira, wong liyan kathah kan purun,
mejanani mring sira
c.
Mokal sira tan miyarsa, kang kocap sujana kathah, gecul mgrumpul bandhol
ngrompol, nanging aja kalirua, babasan kaya ika, den waskitheng surupipun,
babasan kaya mangkana
d.
Dipun kumpul sira sami, aja gecul tekadira, dipun ngrompol ala bandhol, poma
iku estokna, yen sira nedya arja, aja ma kawongan pocung, anom kumpul tuwo
pisah
e.
Yen kayaa pocung ugi, salawsiro neng donya, dadi wong pidhangan bae, dudu watek
wong sujana, salawasira neng donya, lamun sujalma kang surup, nom kumpul tuwa
tan pisah
f.
Poma den astiti, pitutur ing layang iki, poma aja na maido, lamun sira maidoa,
lan mara ayonana, dumeh tutur tanpa dhapur, tinarik tan manggih arja
g.
Yen sira karsa ngayeni, pitutur ing layang iki, anuli solahe age, mungsuhe
lawan sudara, nuli pisaha wisma, samangsane sira luput, kalawan sujalma liyan
h.
Pasti sira den ayoni, den ira sujalma liyan, sadulur wis tega kabeh, sanajan
silih kataha, kadhang mangsa belas, sajege sira tan atut, lawan sanak
kadhangira
i.
Pan ana saloka maning, poma padha estokna, surasane, ujaring ngong, rusak sana
den karesa, mangkana tuturing wang, wonten sima tukar padu, amungsuh kalawan
wana
j.
Mangkana sang sima angling, heh wana sira kapurba, denira kuwasaning ngong, yen
aja na kuwating wang, pasti sira binabat, denira sujalma agung, temah sira
lebur sirna
k.
Kang wana nyahuri bengis, apa ta samono ugo, yen aja na kuwating ngong, amasti
sira meneka, den risak jalma kathah, kiniter winaos lampuh, samana diya-diniya
l.
Sang sima lawan manadri, anulya talak tinalak, samya arengat manhe, samana sang
sima kesah medal sing wana wasa, anjog wiring dhusun, anglela ing ara-ara
m. Yata
ganti kang winarni, wonten laren ngon maesa, saksana anulya anon, yen wonten
sima punika, anglela ngara-ara, cangkelak anuli wangsul, apa jarwang tuwanira
n.
Kaget ingkang awawarti, anulya samya wawarta, ing prapat monca limane, pan
samya nabuh gendhala, rame poman dedesan, suwanten lumyang gumuruh, pan samya
sikep gegaman.
o.
Wusraket sikeping jurit, tumulyan sigra amedal wus prapteng jawi desane, wus
prapto ing ingara-ara, sima sigra kinepung, kecandhak winaos sampun, yata ganti
kawarnaha
p.
Kocapa ingkang wanadri, tet kala wahu tinilar, dhumateng sima lampahe, yata
wonten kawarnaha, jalma samya kawawanan, arsa badhe karsanipun, ngupados
babahing tegal.
q.
Wus prapta dhateng wanadri, kang wana nuli sinuksma, suwung tan ana simane,
tumulya sigra binabat, dhening sujalma kathah, wus garing nulya tinunu, wana
lebur sirna ilang
r.
Nuli tinanduran sami, pari kapas miwah jarak, kacang dhele lombok terong, wus
ilang labething wana, genggeng ponang tanduran, lama-lama dadi dhukuh, wus
ilang labething wana.
s.
Pan iku saloma mami, anak putu buyut ingwang, miwah canggah warenging ngong,
puniku apan upama, tapa badan prayoga, lamun sira karem padu, amungsuh lawan
sudara
t.
Benal ngammi wal ngamati, wa bena jho jhi wa jho jhit puniku nenggih tegese,
kawasa tan kawasaa, wajib sira asiha, dhumateng sudara kakung, muwah sadulur
wanodya
u.
Poma-poma wekas mami, anak putu buyut ingwang, aja katungkul uripe, aja lawas
saya lawas, lawan den saya lawas, siyang dalu dipun imut, wong anom sedya
utama.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar